+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 26 Agustus 2025 Minggu Limrah

Yehezkiel 20:18-32; Jabur 109:21-31; Wahyu 3:7-13

GANJARAN MARANG SING NETEPI PIWULANG LAN SETYA

Aku ngerti sakèhing penggawému. Aku ngerti yèn kekuwatanmu ora sepiraa, nanging kowé wis padha netepi piwulang-Ku lan setya marang Aku.

Kowé wis Dakwengani lawang sing ora kena diinebaké déning wong” 

(Wahyu 3:8)

Ing pengetan Pitulasan akeh lelomban sing dianakne ing RT, kampung, utawa sekolah. Lelomban sing ana tujuane mung gawe rame, gayeng, lan seneng. Conthone lomba cepet-cepetan mangan krupuk, lomba balap karung, lomba nggawa neker ana sendok, nglebokne potlot sing ditaleni menyang botol lan  sapiturute. Lumrahe sing menang lomba lan oleh ganjaran hadiah iku sing cepet, rikat, pinter, lan kuwat.  Dene sing lelet iya ketinggalan ora oleh hadiah.

Pasamuwan Filadelfia sing nampa layang wahyu saka Rasul Yohanes iku pasamuwan sing kekuwatane ora sepiraa. Menawa melu lomba kayane ora bakal menang.  Nanging Pasamuwan Filadelfia dialem amarga padha netepi piwulange Gusti, lan setya marang Gusti.  Sikepe pasamuwan sing netepi piwulang lan setya marang Gusti iku diajeni ngluwihi kapinteran, kasugihan, utawa kakuwatan.  Netepi piwulange Gusti iku dadi tandha pasamuwan sing urip, tuwuh, lan santosa. Dene sikep setya iku ateges bisa diprecaya lan dijagakne sanajan kahanan owah-owah.  Netepi piwulange Gustilan setya iku lelawanan karo aji mumpung, sing gampang molah-malih kayadene politisi kutu loncat, lan ndhisikne kapentingane dhewe tinimbang netepi prasetya sing nate dilairake. Sanajan rugi, wong setya tetep ora cidra ing janji. Sing nate dilairake bakal tetep dijaga salawase uripe.

Menawa ana lomba kanggo pasamuwan, sing kanggo ukuran menang iku sapa sing netepi piwulange Gusti lan uripe setya tuhu marang timbalane Gusti. Korine sihrahmat iku dibukakake dening Gusti marang pasamuwan sing netepi piwulange Gusti lan uripe setya marang Gusti.  Lan ora ana sing bisa nutup, utawa ngalang-alangi peparing sihrahmate Gusti kang wus kaparingake. Prasetyane Gusti tansah langgeng kaparingake marang para kagungane sing setya. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *