Wilangan 15:32-41, Jabur 103:1-8, Ibrani 12:3-17
WONG TUWA WAJIB MERDI MARANG ANAKE
“Wong tuwa kita kadonyan enggoné merdi kita mung sawetara mangsa,
manut apa sing dianggep becik. Nanging Gusti Allah enggoné merdi kita
murih becik kita dhéwé, supaya kita dadi suci kaya Panjenengané”
(Ibrani 12:10)
Ana pitutur, “Anak polah bapak kepradah”. Nanging kepiye menawa sing polah ora mung anak, nanging uga wong tuwane? Nalika sepisanan kepilih dadi presiden, Joko Widodo dialem amarga anak-anake milih usaha dhewe, dadi juragan martabak, lan dodolan pisang. Jarene ora pengin melu-melu bapake dadi politisi. Nanging nalika arep leren dadi presiden, ketara banget bapake sing disih adi presiden polah lan cawe-cawe supaya anake bisa melu pemilihan pasangan presiden lan wakil. Undang-undang sing ora ngolehake calon sing durung cukup umure diakali liwat keputusan MK sing diketuani dening adine ipe. Sokur nalika cawe-cawe kanggo anake ragil liwat keputusan MA bisa dibatalke liwat keputusan MK. Nanging wis bacut, iku wis gawe kahanan rame lan kisruh.
Pasamuwan Kristen katimbalan dadi para putrane Allah. Rama kita kaswargan merdi lan mulang kita, supaya tuwuh ing kadewasan, ing tanggungjawab, lan mbabarake timbalan minangka para putrane Allah. Pamerdine Gusti Allah iku ora katindakake kanthi cara nepotisme utawa kolusi. Pamerdine Gusti iku abot. Ora ana cara sing gampang lan cepet. Wong sinau iku kudu tekun, mbaleni nganti bisa, ora gampang semplah lan tetep santosa.
Ora ana wong tuwa sing kepengin uripe anake rekasa kaya sing nate dialami dening wong tuwane. Kamangka ora ana piwulang lan pamerdi sing enteng lan kepenak. Saiki ana sebutan generasi strowberi. Woh strowberi iku apik disawang, nanging kulite tipis, lan gampang rusak. Anak sing dimanja dening wong tuwa iku kayadene straberi uripe pancen apik disawang, nanging nalika ana momotan sing abot langsung remyek lan nyerah. Dene anak sing kaperdi bakal tetep bakoh netepi tanggungjawab uripe nalika dewasa. Amin. |*YTP
