Yesaya 2:12-17; Jabur 119:65-72; Titus 1:1-9 GUSTI PUNIKA SAE “Paduka punika sae saha nandukaken kasaenan, kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka.” (Jabur 119:68) Ing jagad punika wonten kalih perkawis. Sae lan awon, pinter lan bodho, peteng lan padhang, lan sanes-sanesipun. Sacara umum ingkang dipun remeni temtu ingkang sae, ingkang pinter, ingkang padhang. Ananging wonten ugi kosok wangsulipun, langkung remen awon, bodho, peteng lan sapiturutipun. Gusti punika sae sinaosa manungsa kadang kala boten sae. Gusti Allah sae awit katresnanipun dhateng manungsa menika ageng. Sabdanipun Gusti nedahaken bilih Gusti Allah punika sae saha nandukaken kasaenan, Gusti Allah karsa paring piwulang bab pranatan dhateng manungsa. Jabur Mazmur punika mratelaken katresnan ingkang ageng bab sabdaning Allah ingkang sinerat ing Kitab Suci. Sabdaning Allah kasebat minangka prasetyan, dhawuh, panuntun, paseksi, piwulang, kawicaksanan, kayekten, kaadilan, lan pameleh. Sabdaning Allah dipun paringaken minangka panglipur, pangayoman, bandha ingkang aos, panuntuning gesang, kabingahaning manah lan nyawa, sarta sumbering panjawab sedaya kabetahan. Juru mazmur ngaturaken katresnan ingkang lebet dhumateng Allah kanthi maos, ngraosaken, lan ndedonga. Gusti paring piwulang bilih kita badhe mindhak ing sih rahmat lan kayekten namung menawi katresnan dhateng Pangandika menika wonten ing dhiri kita. Supados kita saged ugi kasebat sae, kita kedah tansah sinau bab pranatan saking Gusti Allah lan mbudi daya nindakaken kasaenan kados dene Gusti ingkang sae lan tansah nandukaken kasaenan tumrap kita. Sumangga kita nindakaken kasaenan dhumateng Allah lan sesami ing gesang padintenan, kanthi mekaten kita dados putra-putranipun Gusti ingkang sae lan dipun raosaken dening sesami kita. Kasaenan punika saged mawujud anggen kita netepi prasetya, nglipur ingkang nembe sisah, nindakaken kaadilan, mitulungi tiyang sanes ingkang mbetahaken. Kita nindakaken sedayanipun awit nulad Gusti ingkang sae lan nandukaken kasaenan. |*DAC
Senen, 1 September 2025 Minggu Limrah
II Babad 12:1-12; Jabur 119:65-72; Ibrani 13:7-21 BOTEN EWAH GINGSIR “Gusti Yesus Kristus iku dhek wingi apadene ing dina iki sarta ing salawas-lawase tetep ora ewah gingsir.” (Ibrani 13:8) Boten wonten prekawis ingkang langgeng ing jagad punika. Sedaya mesthi badhe sirna. Barang ingkang kita darbeni saged risak lan ical. Manungsa ugi badhe nemahi pejah menawi sampun wekdalipun. Manungsa sagedipun namung mbudidaya, ananging wusananipun sedaya badhe wonten pungkasanipun. Mekaten ugi wewatekan utawi sikeping manungsa ing jagad menika boten mesthi ajeg. Karana karingkihanipun asring manungsa punika ewah gingsir, boten lestantun. Ingkang boten ewah gingsir inggih punika Gusti Yesus Kristus. Nalika rumiyin, ing dinten punika lan ing salami-laminipun Gusti Yesus menika tetep, boten ewah gingsir. Salah satunggaling bab ingkang boten ewah gingsir inggih punika katresnanipun Sang Kristus. Gusti Yesus tansah tresna dhateng manungsa lan katresnanipun punika katresnan sejati, tanpa pamrih, boten mbenten-bentenaken tiyang. Katresnaning Gusti Yesus Kristus ingkang sejati (agape) punika dados dhasaring katresnan sanesipun, inggih punika katresnan ing warganing brayat (storge), katresnan memitran/pasedherekan (filia) lan katresnan antawising tiyang jaler lan estri (eros). Katresnan storge, filia lan eros saged ewah menawi boten dipun landhesi katresnan agape. Kita minangka para pandherekipun Gusti sampun samesthinipun nulad dhumateng Gusti Yesus Kristus, mirunggan bab nresnani sedherek. Amargi kawontenaning manungsa boten lestantun, anggenipun nresnani kedah dipun rimat. Kados sabdanipun ing ayat 1: ”Rumatana katresnaning paseduluran!”. Wujud pangrimating katresnan pasedherekan antawisipun : suka pamondhokan, ngemuti para pesakitan, ngaosi neningkahan, boten karem bandha. Gusti tansah mitulungi kita nindakaken katresnan pasedherekan kados dene Gusti Allah mitulungi para pangirid kita. Gusti Yesus boten nate negakaken para pandherekipun anggenipun nindakaken katresnan pasedherekan. Gusti Yesus boten ewah gingsir, kita minangka muridipun samia mbudidaya tansah setya, boten ewah gingsir. |*DAC
Ahad, 31 Agustus 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 25:6-7; Jabur 112; Ibrani 13:1-8, 15-16; Lukas 14:1,7-14 SING NGLUHURAKE AWAKE DHEWE BAKAL DIASORAKE “Sebab sapa sing ngluhuraké awaké dhéwé, kuwi bakal diasoraké, lan sing sapa ngasoraké awaké, kuwi bakal diluhuraké” (Lukas 14:14) Wong sing ngaku durung pinter iku luwih gampang anggone sinau. Ora ana rasa pekewuh menawa arep takon prekara sing durung dingerteni. Mangkono uga sing ora nduwe luwih gampang matur, “Nyuwun tulung, kula direwangi”. Sikep sing ngesorake awake dhewe lan ngajeni wong liya iku bakal diwales diajeni uga dening wong liya. Kosokbalene, menawa wis rumangsa pinter, wis rumangsa duwe, lan bisa, wong liya iya bakal ngenengke wae, “Ben sakkarepe dhewe, wong ora rumangsa butuh wong liya, wis bisa sakabehe”. Saben wong bakal ngundhuh wohing pakartine dhewe-dhewe. Pituture Gusti Yesus supaya ngesorake dhiri iki ora mung ing sesrawungan sacara pribadhi. Nanging uga trep nalika ditindakne antarane kelompok, golongan, suku, lan uga bangsa-bangsa ing tata urip bebarengan. Kudu bisa rumangsa, aja malah rumangsa bisa. Eman menawa ngremehake wong liya, kamangka sing diasorake iku sejatine malah luwih luhur lan mulya. Lumrahe ing urip padinan sing kahanane mlarat, cacad, lumpuh, wuta iku ora dianggep minangka pepadhaning manungsa. Nanging ngajeni pepadha sing cilik, ringkih, lan asor iku bakal ngawohake berkahe Gusti. Lemah teles, Gusti bakale mbales. Sejatine, apa sing ndadekne manungsa iku luhur lan mulya ing antarane wong liya? Dudu amarga bandha sing akeh, kasugihan, kalungguhan lan kwasane. Nanging amarga mapanke wong liya kanthi ngajeni lan nresnani, kayadene marang awake dhewe. Menawa ora gelem wong liya tumindak sing ora ngajeni apa maneh ala, iya aja tumindak mangkono. Lan kanggone wong precaya, gesang lan pakaryane Gusti Yesus tansah dadi tuladha sing ngatag kita, supaya ngesorake dhiri dadi abdi, lan makarya leladi marang sesami. Amin. |*YTP
Setu, 30 Agustus 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 21:1-4, 24-26; Jabur 112; Mateus 20:20-28 PANGAREP IKU KUDU DADI BATUR “Lan yèn panunggalanmu ana sing kepéngin dadi pengarep, kuwi kudu dadi batur” (Mateus 20:27) Ing jaman kuno, kwasa lan kalungguhan iku ditampa minangka peparinge Gusti, utawa dewa-dewa. Beda karo jaman saiki, tata peprintahan demokrasi cetha negesi menawa kwasa iku asale saka rakyat, ditindakne wong sing dipilih lan diprecaya dening rakyat, lan kanggo kapentingan rakyat. Nanging iya ing jaman kuno, lan ing jaman sing disebut modern saiki, tetep wae ana pangwasa sing nindhes marang rakyat. Semono uga panggedhe sing nindakake pangwasane kanthi kenceng marang rakyat. Apa peprinthanan sing nindhes lan meksa marang rakyat iku bisa lestari? Apa pangwasa sing ngasta kalenggahane kanthi keras iku bisa lestari? Gusti Yesus paring tuladha, anggone rawuh ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi, sarta masrahake nyawane kanggo ngluwari wong akeh. Marang para murid sing udur-uduran, sapa sing gedhe dhewe ing antarane para murid, lan sapa sing mengko bakal manggon ing sisih tengen lan kiwa nalika Gusti Yesus jumeneng Raja ing Kratoning Allah ingkang rawuh, Gusti Yesus paring pangandika: “Sing kepngin dadi panggedhe kuwi kudu dadi rewang. Sing kepngin dadi pengarep, kuwi kudu dadi batur”. Pemimpin iku sing dadi abdi, ngladeni lan ndhisikne apa sing dadi kabutuhane liyan, lagi sing dadi kabutuhane dhewe. Pemimpin iku dadi tuladha ing pakaryan kanggo ngudi kaslametan lan karaharjane wong akeh. Aja malah mburu kapentingane dhewe lan kulawargane. Menawa pengarep iku kudu dadi batur, ora bakal ana sing rebutan kalungguhan. Malah sing ana bakale rebutan wegah. Ora ana uga batur sing bisa tumindak korupsi, kolusi, lan nepotisme. Gusti Yesus kang ngesorake dhiri lan makarya leladi patut dadi pepenget lan tuladha kanggo para pengarep ing jaman iki. Amin. |*YTP
Jemuwah, 29 Agustus 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 18:6-12; Jabur 112; 1 Petrus 4:7-11 TIMBALAN DADI JURU GEDHONG “Kaya déné juru-gedhong sing becik sing nampa peparingé Allah mawarna-warna, kuwi padha kagawéa ladèn-linadènan manut peparingé dhéwé-dhéwé” (I Petrus 4:10) Gusti Allah iku kayadene Bendara sing kagungan omah gedhong gedhe, lan masrahake marang para abdine supaya padha ngrumati lan migunakake omah gedhong gedhe iku kanthi becik. Para abdi sing dipasrahi iku uga nampa peparing mawerna-werna, kanggo sangu anggone laden-linadenan siji lan sijine, manut peparinge dhewe-dhewe. Amarga kabeh padha kaparingan, lan ora ana sing kliwatan, sapa wae sing manggon ing omah gedhe iku kudu rukun, tulung-tinulung, tresna tinresnan, lan laden-linadenan. Pasamuwan iku omah gedhe sing dadi papan brayate Gusti padha manggon bebarengan. Kabeh nampa peparinge Gusti, lan katimbalan dadi juru-gedhong, bebarengan ngabdi lan makarya leladi marang Gusti Sang Bendara kita. Ora ana Bendara liya kejaba Gusti Allah. Kabeh sing manggon bebarengan ing omah-gedhong iku padha-padha leladi minangka abdi. Gambaran iki beda karo tata urip bebarengan ing masyarakat. Sacara sosial ana wong sugih sing dadi bendara, lan para buruh sing ngawula marang bendarane. Ing negara demokrasi, para pejabat iku sejatine abdi masyarakat, nanging akeh panggedhe sing malah tumindak kayadene bendara lan rakyat sing dadi bature. Kamangka apa juragan bisa tetep dadi juragan menawa ora ana buruh sing ngrewangi? Lan apa pejabat bisa ngrampungke programe menawa ora ditampa dening rakyat? Para bendara ing donya iki anggone bisa dadi bendara iya amarga diparengake dening Gusti Allah. Lan peparinge Gusti iku supaya kanggo makarya leladi, ngemong, ngrumati, lan ngesuhi. Bendara sing ngereh lan meksa marang abdine iku tegese nglawan dhawuh timbalane Gusti sing wis maringi peparing minangka sangu kanggo makarya leladi. Nalika ana bendara sing malah ngereh para abdine, Gusti Allah sing bakal melehake lan ngajar. Amin. |*YTP
Kemis, 28 Agustus 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 15:13-17; Jabur 112; 1 Petrus 3:8-12 BISA MEKAK ILATE “Sing sapa seneng urip lan kepéngin ngrasakaké dina-dina sing becik, kudu mekak ilaté, aja nganti kewetu kang ala sarta nyegah lambéné ngucapaké sing goroh” (I Petrus 3:10) Apik utawa elek iku ora gumantung omongane wong liya. Emas iku tetep emas sanajan diarani wingko, lan wingko ora bakal malih dadi emas sanajan diarani emas. Sing becik tetep becik sanajan diala-ala, lan sing ala tetep ala sanajan dialembana. Urip Kristen iku katimbalan supaya mujekna sing becik, urip sing binerkahan. Iku sing dadi kersane Gusti. Sing ana sajroning ati wong liya ora bisa ngerteni, sanajan dititipriksa ora bakal ketemu. Nanging nalika wis dilairake ing tembung, sing sadurunge ndhelik ing ati bakal kawetu. Salah siji tandha wong sing nyingkiri piala lan nglakoni sing becik iku bisa mekak ilate. Aja nganti mbales tembung-tembung sing ala nganggo piala, aja mbales ipat-ipat nganggo ipat-ipat. Ambek welasan lan katresnan iku asale saka ing ati sing wis dianyarake awit sihrahmate Gusti. Kabeh tetembungan sing metu saka ati sing resik iku mbangun katentreman, lan nyegah lambe ngucapake sing goroh utawa saru. Pandonga sing diosikake dipiyarsakne dening Gusti Allah. Kosok wangsule wong sing nglakoni piala dilawan dening Gusti Allah. Biyen nalika rerasanan, sing krungu paling iya wong sing cedhak sakupenge. Nanging saiki liwat medsos (media-sosial) lan internet, apa sing ditulis lan dikirim ing medsos bisa diwaca sapa wae, menawa viral malah cepet banget sumebar. Mekak ilat ing jaman internet saiki tegese ngati-ati marang apa sing ditulis lan dikirim menyang medsos. Aja nganti nyebar sing ala, apa maneh ipat-ipat marang wong liya. Menawa ora bisa nulis sing mbangun, memulang, lan nyantosakne wong liya ing medsos, luwih becik ndedonga lan mujekake samubarang sing becik ing ngarsane Gusti. Amin. |*YTP
Rebo, 27 Agustus 2025 Minggu Limrah
Yehezkiel 20:33-44; Jabur 109:21-31; Lukas 6:6-11 TERANG-TERANGAN NGLAWAN “Nanging Gusti Yésus pirsa karepé wong-wong mau, mulané ngandika marang wong sing tangané céko mau: “Mrénéa, ngadega ana ing ngarep kéné!” Wong mau nuli menyat lan ngadeg ana ing ngarsané” (Lukas 6:8) Ngadhepi wong liya iku beda-beda carane. Ana sing kudu mlipir dhisik, lagi ngaturke apa sing dadi niyate. Ana uga sing njaluk tulung wong liya, supaya dadi talang atur. Kepiye cara sing becik nalika ngadhepi wong sing padha nggoleki kaluputane kita, arep dianggo dhadhakan nggugat marang kita? Gusti Yesus ora endha, nanging malah adhep arep marang wong sing nglawan marang panjenengane. Gusti Yesus nimbali wong sing ceko tangane ngadeg ing ngarep papan pangabekti. Disekseni wong kabeh, Gusti Yesus ngandika marang para ahli Toret lan wong Farisi, “Aku arep takon: apa sing didhawuhake dening prenatane agama marang kita ana ing dina Sabbat? Gawe becik, apa gawe ala? Mitulungi apa ngrusak nyawa?” Piwulange wong Farisi, dina Sabbat iku dina sing disucekake kanggo ngabekti, babar pisan ora kena kanggo nyambut gawe, malah marasake wong lara digolongke nyambet gawe. Piwulang iku cupet lan bodho banget. Kamangka ing pitakone Gusti Yesus cetha mituturi supaya gawe becik, mitulungi, ora malah ngrusak ing dina Sabbat. Jebul tumindake wong Farisi, ahli Toret lan para imam cengkah karo kasucene agama sing diwulangke. Padha ora wani ngaturake wangsulan marang Gusti Yesus, nanging ing mburi kanthi nepsu rerembugan kepiye bisane bales nyengkolong marang Gusti Yesus. Cara-cara dhedhelikan kanggo nyengkolong pihak liya sing lelawanan iku lumrah ing politik. Nanging menawa ditindakne dening para pangarsaning agama, adoh saka lembah manah lan ngesorake dhiri, woh-wohane ora liya kejaba kisinan dhewe. Wong sing tulus bakale tansah wani lan bares. Nanging sing curang ora bakal kajen, apa maneh pangarsaning agama sing tumindake cengkah karo piwulange. Amin. |*YTP
Slasa, 26 Agustus 2025 Minggu Limrah
Yehezkiel 20:18-32; Jabur 109:21-31; Wahyu 3:7-13 GANJARAN MARANG SING NETEPI PIWULANG LAN SETYA “Aku ngerti sakèhing penggawému. Aku ngerti yèn kekuwatanmu ora sepiraa, nanging kowé wis padha netepi piwulang-Ku lan setya marang Aku. Kowé wis Dakwengani lawang sing ora kena diinebaké déning wong” (Wahyu 3:8) Ing pengetan Pitulasan akeh lelomban sing dianakne ing RT, kampung, utawa sekolah. Lelomban sing ana tujuane mung gawe rame, gayeng, lan seneng. Conthone lomba cepet-cepetan mangan krupuk, lomba balap karung, lomba nggawa neker ana sendok, nglebokne potlot sing ditaleni menyang botol lan sapiturute. Lumrahe sing menang lomba lan oleh ganjaran hadiah iku sing cepet, rikat, pinter, lan kuwat. Dene sing lelet iya ketinggalan ora oleh hadiah. Pasamuwan Filadelfia sing nampa layang wahyu saka Rasul Yohanes iku pasamuwan sing kekuwatane ora sepiraa. Menawa melu lomba kayane ora bakal menang. Nanging Pasamuwan Filadelfia dialem amarga padha netepi piwulange Gusti, lan setya marang Gusti. Sikepe pasamuwan sing netepi piwulang lan setya marang Gusti iku diajeni ngluwihi kapinteran, kasugihan, utawa kakuwatan. Netepi piwulange Gusti iku dadi tandha pasamuwan sing urip, tuwuh, lan santosa. Dene sikep setya iku ateges bisa diprecaya lan dijagakne sanajan kahanan owah-owah. Netepi piwulange Gustilan setya iku lelawanan karo aji mumpung, sing gampang molah-malih kayadene politisi kutu loncat, lan ndhisikne kapentingane dhewe tinimbang netepi prasetya sing nate dilairake. Sanajan rugi, wong setya tetep ora cidra ing janji. Sing nate dilairake bakal tetep dijaga salawase uripe. Menawa ana lomba kanggo pasamuwan, sing kanggo ukuran menang iku sapa sing netepi piwulange Gusti lan uripe setya tuhu marang timbalane Gusti. Korine sihrahmat iku dibukakake dening Gusti marang pasamuwan sing netepi piwulange Gusti lan uripe setya marang Gusti. Lan ora ana sing bisa nutup, utawa ngalang-alangi peparing sihrahmate Gusti kang wus kaparingake. Prasetyane Gusti tansah langgeng kaparingake marang para kagungane sing setya. Amin. |*YTP
Senen, 25 Agustus 2025 Minggu Limrah
Yehezkiel 20:1-17; Jabur 109:21-31; Ibrani 3:7-4:11 ENGGALA MRATOBAT, AJA WANGKOT “Mulané kaya pangandikané Sang Roh Suci: “Ing dina iki, menawa kowé padha krungu dhawuhé Allah, kowé aja padha mangkotaké atimu, kaya para leluhurmu biyèn pada mbaléla marang Gusti Allah, yakuwi nalika padha ana ing pesamunan, padha nyoba marang Gusti Allah” (Ibrani 3:7-8) Lelampahane para leluhur bangsa Israel bisa tansah dadi pasinaon, supaya ora mbaleni kaluputan sing nate katindakake dening para leluhur, lan bisa urip minangka umate Gusti, mlebu ing palereman kang wus disamektakake dening Gusti. Manungsa iku pancen ngemu cidra, nduwe kekurangan, lan bisa tumindak salah lan dosa. Sokur dene sihrahmate Gusti Allah iku tansah paring pangapura marang sapa sing mratobat, ngakoni lan nelangsani kaluputane. Pangandikane Gusti, “Enggala mratobat, aja wangkot”. Wong sing isih wae golek-golek alesan ora gelem mratobat iku ateges isih mangkotake atine, lan nutup pakaryan sihrahmate Gusti Allah sing paring pangapura, ngresiki atine lan nganyarake uripe saka momotan lan bebendhune dosa. Ana sing ora gelem ngakoni kaluputane amarga gengsi. Ana sing nalika diwelehake malah ngendha lan ngomong menawa liyane iya tumindak luput lan ora apa-apa. Iku tegese atine pancen isih wangkot, atos, isih adoh saka pamratobat. Ana uga sing ngakune wis mratobat, nanging tetep terus tumindak sing miturut pengakune iku salah lan ala. Kepiye menawa ngadhepi wong wangkot sing kaya ngene? Urip Kristen iku mahargya pamratobat saben dinane. Sang Roh Suci saben-saben mituturi lan nuntun supaya kita sangsaya mundhak ing sihrahmate Gusti. Nalika kita wis rumangsa uripe wis apik lan bener, kita wis mandeg lumaku ing dalane pamratobat. Apamaneh melu ngakimi lan ngukumi pepadha sing dianggep salah. Saben kamulyane Gusti madhangi urip kita, kahanan sing peteng, jember lan nista bakal sumorot lan ndadekne kita ora liya kejaba sujud jengkeng, ing pengaken lan panelangsa. Aja ngakon wong liya mratobat. Sumangga pamratobat iku diwiwiti saka awake dhewe, ing dina iki uga. Amin. |*YTP
Ahad, 24 Agustus 2025 Minggu Limrah
Yesaya 58:9b-14; Jabur 103:1-8; Ibrani 12:18-29; Lukas 13:10-17 WIS NESU KAMANGKA KLERU “Nanging kocapa, kepalané sinagogé kono nepsu banget, jalaran Gusti Yésus marasaké wong ing dina Sabbat. Kepala sinagogé mau muni-muni marang wong-wong sing ana ing kono: “Ana nem dina kanggo nyambut-gawé. Padha tekaa ing dina-dina kuwi. Aja ing dina Sabat” (Lukas 13:14) Wis wani nepsu kamangka kleru iku mung ndadekne kisinan. Sokur menawa ngrumangsani, ngakoni, lan gelem mratobat. Nanging cilaka sing sanajan wis ngerti menawa kleru, tetep wae wangkot ora gelem ngesorake awake ing pengaken lan panelangsa. Lumrahe wong ing nepsu iku rumangsa wis bener, dene sing dinesoni iku salah gedhe. Yen jaman saiki, wong sing kaya mangkono iku gampang wae diviralke. Yen isih waras mengko iya kepeksa nggawe video ngakoni menawa wis tumindak salah lan njaluk pangapura. Nanging lumrahe wong sing kepeksa ngakoni salah biasane ora tulus. Jane kepalane sinagoge iku wong sing nyekeli piwulang ing Halakha, nyucekake dina Sabbat iku ora oleh nyambut gawe apa-apa. Nanging dheweke kleru nalika ngarani pakaryane Gusti Yesus marasake wong wadon sing wolulas tahun wungkuk amarga kepanjingan dhemit iku dipadhakne karo nyambut gawe. Bisa uga tumindake amarga katut karo golongane wong Farisi , para imam lan pinituwa sing serik amarga Gusti Yesus memulang kanthi kwasa, lan nindakne akeh pakaryan mukjijat saka Gusti. Wong serik iku pancen cedhak karo tumindak nepsu. Beda karo nepsu sing ndadekne kisinan, wong-wong liyane sing padha weruh lelakon ngeram-ngeramake sing ditindakne dening Gusti Yesus iku padha bungah lan ngluhurake Gusti Allah. Wohe tumindak becik iku kabungahan. Lelawanan karo wohe hawa nepsu malah dadi kewirangan. Dadi kepala iku kudune nimbang-nimbang luwih akeh, luwih sabar, lan luwih wicaksana. Menawa sembrono amarga nuruti nepsu urusane dawa, dadi rembugane wong akeh, dirasani lan kelangan urmat saka wong liya. Mekak ilat iku cara supaya kita ora keladuk nglairake tembung sing kleru, lan diadohake saka nepsu. Amin. |*YTP
