+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 28 Agustus 2025 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 15:13-17; Jabur 112; 1 Petrus 3:8-12

BISA MEKAK ILATE

Sing sapa seneng urip lan kepéngin ngrasakaké dina-dina sing becik,

kudu mekak ilaté, aja nganti kewetu kang ala

 sarta nyegah lambéné ngucapaké sing goroh”

(I Petrus 3:10)

Apik utawa elek iku ora gumantung omongane wong liya. Emas iku tetep emas sanajan diarani wingko, lan wingko ora bakal malih dadi emas sanajan diarani emas. Sing becik tetep becik sanajan diala-ala, lan sing ala tetep ala sanajan dialembana. Urip Kristen iku katimbalan supaya mujekna sing becik, urip sing binerkahan. Iku sing dadi kersane Gusti. 

Sing ana sajroning ati wong liya ora bisa ngerteni, sanajan dititipriksa ora bakal ketemu. Nanging nalika wis dilairake ing tembung, sing sadurunge ndhelik ing ati bakal kawetu. Salah siji tandha wong sing nyingkiri piala lan nglakoni sing becik iku bisa mekak ilate. Aja nganti mbales tembung-tembung sing ala nganggo piala, aja mbales ipat-ipat nganggo ipat-ipat.  Ambek welasan lan katresnan iku asale saka ing ati sing wis dianyarake awit sihrahmate Gusti.  Kabeh tetembungan sing metu saka ati sing resik iku mbangun katentreman, lan nyegah lambe ngucapake sing goroh utawa saru. Pandonga sing diosikake dipiyarsakne dening Gusti Allah. Kosok wangsule wong sing nglakoni piala dilawan dening Gusti Allah.

Biyen nalika rerasanan, sing krungu paling iya wong sing cedhak sakupenge. Nanging saiki liwat medsos (media-sosial) lan internet, apa sing ditulis lan dikirim ing medsos bisa diwaca sapa wae, menawa viral malah cepet banget sumebar. Mekak ilat ing jaman internet saiki tegese ngati-ati marang apa sing ditulis lan dikirim menyang medsos. Aja nganti nyebar sing ala, apa maneh ipat-ipat marang wong liya. Menawa ora bisa nulis sing mbangun, memulang, lan nyantosakne wong liya ing medsos, luwih becik ndedonga lan mujekake samubarang sing becik ing ngarsane Gusti. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *