Wulang Bebasan 18:6-12; Jabur 112; 1 Petrus 4:7-11
TIMBALAN DADI JURU GEDHONG
“Kaya déné juru-gedhong sing becik sing nampa peparingé Allah
mawarna-warna, kuwi padha kagawéa ladèn-linadènan
manut peparingé dhéwé-dhéwé”
(I Petrus 4:10)
Gusti Allah iku kayadene Bendara sing kagungan omah gedhong gedhe, lan masrahake marang para abdine supaya padha ngrumati lan migunakake omah gedhong gedhe iku kanthi becik. Para abdi sing dipasrahi iku uga nampa peparing mawerna-werna, kanggo sangu anggone laden-linadenan siji lan sijine, manut peparinge dhewe-dhewe. Amarga kabeh padha kaparingan, lan ora ana sing kliwatan, sapa wae sing manggon ing omah gedhe iku kudu rukun, tulung-tinulung, tresna tinresnan, lan laden-linadenan. Pasamuwan iku omah gedhe sing dadi papan brayate Gusti padha manggon bebarengan. Kabeh nampa peparinge Gusti, lan katimbalan dadi juru-gedhong, bebarengan ngabdi lan makarya leladi marang Gusti Sang Bendara kita.
Ora ana Bendara liya kejaba Gusti Allah. Kabeh sing manggon bebarengan ing omah-gedhong iku padha-padha leladi minangka abdi. Gambaran iki beda karo tata urip bebarengan ing masyarakat. Sacara sosial ana wong sugih sing dadi bendara, lan para buruh sing ngawula marang bendarane. Ing negara demokrasi, para pejabat iku sejatine abdi masyarakat, nanging akeh panggedhe sing malah tumindak kayadene bendara lan rakyat sing dadi bature. Kamangka apa juragan bisa tetep dadi juragan menawa ora ana buruh sing ngrewangi? Lan apa pejabat bisa ngrampungke programe menawa ora ditampa dening rakyat?
Para bendara ing donya iki anggone bisa dadi bendara iya amarga diparengake dening Gusti Allah. Lan peparinge Gusti iku supaya kanggo makarya leladi, ngemong, ngrumati, lan ngesuhi. Bendara sing ngereh lan meksa marang abdine iku tegese nglawan dhawuh timbalane Gusti sing wis maringi peparing minangka sangu kanggo makarya leladi. Nalika ana bendara sing malah ngereh para abdine, Gusti Allah sing bakal melehake lan ngajar. Amin. |*YTP
