+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 30 Agustus 2025 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 21:1-4, 24-26; Jabur 112; Mateus 20:20-28

PANGAREP IKU KUDU DADI BATUR

Lan yèn panunggalanmu ana sing kepéngin dadi pengarep,

kuwi kudu dadi batur”

(Mateus 20:27)

Ing jaman kuno, kwasa lan kalungguhan iku ditampa minangka peparinge Gusti, utawa dewa-dewa. Beda karo jaman saiki, tata peprintahan demokrasi cetha negesi menawa kwasa iku asale saka rakyat, ditindakne wong sing dipilih lan diprecaya dening rakyat, lan kanggo kapentingan rakyat. Nanging iya ing jaman kuno, lan ing jaman sing disebut modern saiki, tetep wae ana pangwasa sing nindhes marang rakyat. Semono uga panggedhe sing nindakake pangwasane kanthi kenceng marang rakyat. Apa peprinthanan sing nindhes lan meksa marang rakyat iku bisa lestari? Apa pangwasa sing ngasta kalenggahane kanthi keras iku bisa lestari?

Gusti Yesus paring tuladha, anggone rawuh ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi, sarta masrahake nyawane kanggo ngluwari wong akeh. Marang para murid sing udur-uduran, sapa sing gedhe dhewe ing antarane para murid, lan sapa sing mengko bakal manggon ing sisih tengen lan kiwa nalika Gusti Yesus jumeneng Raja ing Kratoning Allah ingkang rawuh, Gusti Yesus paring pangandika: “Sing kepngin dadi panggedhe kuwi kudu dadi rewang. Sing kepngin dadi pengarep, kuwi kudu dadi batur”.  Pemimpin iku sing dadi abdi, ngladeni lan ndhisikne apa sing dadi kabutuhane liyan, lagi sing dadi kabutuhane dhewe. Pemimpin iku dadi tuladha ing pakaryan kanggo ngudi kaslametan lan karaharjane wong akeh. Aja malah mburu kapentingane dhewe lan kulawargane.

Menawa pengarep iku kudu dadi batur, ora bakal ana sing rebutan kalungguhan. Malah sing ana bakale rebutan wegah. Ora ana uga batur sing bisa tumindak korupsi, kolusi, lan nepotisme. Gusti Yesus kang ngesorake dhiri lan makarya leladi patut dadi pepenget lan tuladha kanggo para pengarep ing jaman iki. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *