Yehezkiel 20:33-44; Jabur 109:21-31; Lukas 6:6-11
TERANG-TERANGAN NGLAWAN
“Nanging Gusti Yésus pirsa karepé wong-wong mau, mulané ngandika marang wong sing tangané céko mau: “Mrénéa, ngadega ana ing ngarep kéné!”
Wong mau nuli menyat lan ngadeg ana ing ngarsané”
(Lukas 6:8)
Ngadhepi wong liya iku beda-beda carane. Ana sing kudu mlipir dhisik, lagi ngaturke apa sing dadi niyate. Ana uga sing njaluk tulung wong liya, supaya dadi talang atur. Kepiye cara sing becik nalika ngadhepi wong sing padha nggoleki kaluputane kita, arep dianggo dhadhakan nggugat marang kita? Gusti Yesus ora endha, nanging malah adhep arep marang wong sing nglawan marang panjenengane. Gusti Yesus nimbali wong sing ceko tangane ngadeg ing ngarep papan pangabekti. Disekseni wong kabeh, Gusti Yesus ngandika marang para ahli Toret lan wong Farisi, “Aku arep takon: apa sing didhawuhake dening prenatane agama marang kita ana ing dina Sabbat? Gawe becik, apa gawe ala? Mitulungi apa ngrusak nyawa?”
Piwulange wong Farisi, dina Sabbat iku dina sing disucekake kanggo ngabekti, babar pisan ora kena kanggo nyambut gawe, malah marasake wong lara digolongke nyambet gawe. Piwulang iku cupet lan bodho banget. Kamangka ing pitakone Gusti Yesus cetha mituturi supaya gawe becik, mitulungi, ora malah ngrusak ing dina Sabbat. Jebul tumindake wong Farisi, ahli Toret lan para imam cengkah karo kasucene agama sing diwulangke. Padha ora wani ngaturake wangsulan marang Gusti Yesus, nanging ing mburi kanthi nepsu rerembugan kepiye bisane bales nyengkolong marang Gusti Yesus.
Cara-cara dhedhelikan kanggo nyengkolong pihak liya sing lelawanan iku lumrah ing politik. Nanging menawa ditindakne dening para pangarsaning agama, adoh saka lembah manah lan ngesorake dhiri, woh-wohane ora liya kejaba kisinan dhewe. Wong sing tulus bakale tansah wani lan bares. Nanging sing curang ora bakal kajen, apa maneh pangarsaning agama sing tumindake cengkah karo piwulange. Amin. |*YTP
