+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 2 September 2025 Minggu Limrah

Yesaya 2:12-17;  Jabur 119:65-72; Titus 1:1-9

GUSTI PUNIKA SAE 

“Paduka punika sae saha nandukaken kasaenan,

 kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka.”

 (Jabur 119:68)

Ing jagad punika wonten kalih perkawis. Sae lan awon, pinter lan bodho, peteng lan padhang, lan sanes-sanesipun. Sacara umum ingkang dipun remeni temtu ingkang sae, ingkang pinter, ingkang padhang. Ananging wonten ugi kosok wangsulipun, langkung remen awon, bodho, peteng lan sapiturutipun.

Gusti punika sae sinaosa manungsa kadang kala boten sae. Gusti Allah sae awit katresnanipun dhateng manungsa menika ageng. Sabdanipun Gusti nedahaken bilih Gusti Allah punika sae saha nandukaken kasaenan, Gusti Allah karsa paring piwulang bab pranatan dhateng manungsa.

Jabur Mazmur punika mratelaken katresnan ingkang ageng bab sabdaning Allah ingkang sinerat ing Kitab Suci. Sabdaning Allah kasebat minangka prasetyan, dhawuh, panuntun, paseksi, piwulang, kawicaksanan, kayekten, kaadilan, lan pameleh. Sabdaning Allah dipun paringaken minangka panglipur, pangayoman, bandha ingkang aos, panuntuning gesang, kabingahaning manah lan nyawa, sarta sumbering panjawab sedaya kabetahan. Juru mazmur ngaturaken katresnan ingkang lebet dhumateng Allah kanthi maos, ngraosaken, lan ndedonga. Gusti paring piwulang bilih kita badhe mindhak ing sih rahmat lan kayekten namung menawi katresnan dhateng Pangandika menika wonten ing dhiri kita.

Supados kita saged ugi kasebat sae, kita kedah tansah sinau bab pranatan saking Gusti Allah lan mbudi daya nindakaken kasaenan kados dene Gusti ingkang sae lan tansah nandukaken kasaenan tumrap kita.

Sumangga kita nindakaken kasaenan dhumateng Allah lan sesami ing gesang padintenan, kanthi mekaten kita dados putra-putranipun Gusti ingkang sae lan dipun raosaken dening sesami kita. Kasaenan punika saged mawujud anggen kita netepi prasetya, nglipur ingkang nembe sisah, nindakaken kaadilan, mitulungi tiyang sanes ingkang mbetahaken. Kita nindakaken sedayanipun awit nulad Gusti ingkang sae lan nandukaken kasaenan. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *