+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 1 September 2025 Minggu Limrah

II Babad 12:1-12; Jabur 119:65-72; Ibrani 13:7-21

BOTEN EWAH GINGSIR

Gusti Yesus Kristus iku dhek wingi apadene ing dina iki sarta

ing salawas-lawase tetep ora ewah gingsir.”  

(Ibrani 13:8)

Boten wonten prekawis ingkang langgeng ing jagad punika. Sedaya mesthi badhe sirna. Barang ingkang kita darbeni saged risak lan ical. Manungsa ugi badhe nemahi pejah menawi sampun wekdalipun. Manungsa sagedipun namung mbudidaya, ananging wusananipun sedaya badhe wonten pungkasanipun.

Mekaten ugi wewatekan utawi sikeping manungsa ing jagad menika boten mesthi ajeg. Karana karingkihanipun asring manungsa punika ewah gingsir, boten lestantun. Ingkang boten ewah gingsir inggih punika Gusti Yesus Kristus. Nalika rumiyin, ing dinten punika lan ing salami-laminipun Gusti Yesus menika tetep, boten ewah gingsir.

Salah satunggaling bab ingkang boten ewah gingsir inggih punika katresnanipun Sang Kristus. Gusti Yesus tansah tresna dhateng manungsa lan katresnanipun punika katresnan sejati, tanpa pamrih, boten mbenten-bentenaken tiyang. Katresnaning Gusti Yesus Kristus ingkang sejati (agape) punika dados dhasaring katresnan sanesipun, inggih punika katresnan ing warganing brayat (storge), katresnan memitran/pasedherekan (filia) lan katresnan antawising tiyang jaler lan estri (eros). Katresnan storge, filia lan eros saged ewah menawi boten dipun landhesi katresnan agape.

Kita minangka para pandherekipun Gusti sampun samesthinipun nulad dhumateng Gusti Yesus Kristus, mirunggan bab nresnani sedherek. Amargi kawontenaning manungsa boten lestantun, anggenipun nresnani kedah dipun rimat. Kados sabdanipun ing ayat 1: ”Rumatana katresnaning paseduluran!”. Wujud pangrimating katresnan pasedherekan antawisipun : suka pamondhokan, ngemuti para pesakitan, ngaosi neningkahan, boten karem bandha.

Gusti tansah mitulungi kita nindakaken katresnan pasedherekan kados dene Gusti Allah mitulungi para pangirid kita. Gusti  Yesus boten nate negakaken para pandherekipun anggenipun nindakaken katresnan pasedherekan. Gusti Yesus boten ewah gingsir, kita minangka muridipun samia mbudidaya tansah setya, boten ewah gingsir. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *