+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 31 Agustus 2025 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 25:6-7; Jabur 112; Ibrani 13:1-8, 15-16; Lukas 14:1,7-14

SING NGLUHURAKE AWAKE DHEWE BAKAL DIASORAKE

Sebab sapa sing ngluhuraké awaké dhéwé, kuwi bakal diasoraké,

lan sing sapa ngasoraké awaké, kuwi bakal diluhuraké”

(Lukas 14:14)

Wong sing ngaku durung pinter iku luwih gampang anggone sinau. Ora ana rasa pekewuh menawa arep takon prekara sing durung dingerteni. Mangkono uga sing ora nduwe luwih gampang matur, “Nyuwun tulung, kula direwangi”. Sikep sing ngesorake awake dhewe lan ngajeni wong liya iku bakal diwales diajeni uga dening wong liya. Kosokbalene, menawa wis rumangsa pinter, wis rumangsa duwe, lan bisa, wong liya iya bakal ngenengke wae, “Ben sakkarepe dhewe, wong ora rumangsa butuh wong liya, wis bisa sakabehe”.  Saben wong bakal ngundhuh wohing pakartine dhewe-dhewe.

Pituture Gusti Yesus supaya ngesorake dhiri iki ora mung ing sesrawungan sacara pribadhi. Nanging uga trep nalika ditindakne antarane kelompok, golongan, suku, lan uga bangsa-bangsa ing tata urip bebarengan. Kudu bisa rumangsa, aja malah rumangsa bisa. Eman menawa ngremehake wong liya, kamangka sing diasorake iku sejatine malah luwih luhur lan mulya. Lumrahe ing urip padinan sing kahanane mlarat, cacad, lumpuh, wuta iku ora dianggep minangka pepadhaning manungsa. Nanging ngajeni pepadha sing cilik, ringkih, lan asor iku bakal ngawohake berkahe Gusti. Lemah teles, Gusti bakale mbales. 

Sejatine, apa sing ndadekne manungsa iku luhur lan mulya ing antarane wong liya? Dudu amarga bandha sing akeh, kasugihan, kalungguhan lan kwasane. Nanging amarga mapanke wong liya kanthi ngajeni lan nresnani, kayadene marang awake dhewe. Menawa ora gelem wong liya tumindak sing ora ngajeni apa maneh ala, iya aja tumindak mangkono. Lan kanggone wong precaya, gesang lan pakaryane Gusti Yesus tansah dadi tuladha sing ngatag kita, supaya ngesorake dhiri dadi abdi, lan makarya leladi marang sesami. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *