+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 3 September 2025 Minggu Limrah

Yesaya 57:14-21; Jabur 119:65-72; Lukas 14:15-24

TENTREM KANGGE SEDAYA

“Ingsun bakal karya pepujian. Tentrem, tentrem rahayu marang wong

 kang adoh lan kang cedhak — mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah — sarta kang bakal Sunwarasake!.

(Yesaya 57:19)

Sedaya umat manungsa ing jagad punika mbetahaken katentreman. Limrahipun tiyang punika pados katentreman lan kawilujengan. Linangkung katentreman lan karahayon saking Gusti. Nalika kita nampi kawilujengan lan katentreman saking Gusti, gesang kita ugi ngraosaken tentrem lan raharja.

Waosan kita dinten niki nyariyosaken bab tiyang-tiyang Yehuda ingkang gesang tebih saking karsaning Allah, boten trep kaliyan jati dhirinipun minangka umating Allah. Umat sami nyembah dhateng brahala. Lajeng sami sadhar bilih sami mbetahaken panglipuran. Nabi Yesaya paring pratela, namung Gusti Allah ingkang saged paring panglipur. Namung kemawon, wonten syaratipun, inggih punika umat kedah sami mratobat lan mbucal sedaya wujud pambengan ingkang ngalangi berkahing Allah (ayat 14). Gusti Allah namung badhe nglipur lan nggesangaken tiyang-tiyang ingkang rempu manahipun lan andhap asor (ayat15).

Sasampunipun wangsul saking tanah Babel, bangsa Yehuda nggadhahi pepenginan nyuwun pangapunten dhateng Gusti Allah. Nabi Yesaya nywantenaken bab badhenipun Gusti karya pepujian. Katentreman lan karahayon dhateng tiyang ingkang tebih lan ingkang celak sarta sami badhe dipun sarasaken. Kangge nampi pangapuntening Allah, umat kedah manut ing pilihaning Allah, boten kanthi pilihanipun piyambak. Umat kedah ngakeni dosa ingkang kadamel lan apiduwung.

Gusti Allah punika kebak katresnan lan kamirahan. Panjenenganipun paring pangapunten dhateng tiyang ingkang keduwung lan ngakeni dosanipun. Malah Gusti Allah badhe maringi semangat lan gesang anyar. Boten wonten katentreman kangge tiyang duraka. Wekdal kangge mratobat tansah kaparingaken dening Gusti Allah dhateng manungsa nalika sami dene ngrumaosi dosa lan mratobat. Kanthi mekaten manungsa badhe nampi pangapunten lan kawilujengan satemah katentreman lan karahayon katampi dening manungsa. Tentrem rahayu kangge  sedaya ingkang sami keduwung lan ngakeni dosanipun.|*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *