Purwaning Dumadi 39:1-23; Jabur 1; Filipi 2:25-30
KAREM DHUMATENG ANGGER-ANGGER
“nanging kang karem marang angger-anggere Sang Yehuwah,
lan digilut-gilut rina wengi.”
(Jabur 1:2)
Wonten pangandika, amargi ingkang dados sumbering sedaya piawon punika ambek karem bandha. Awit amargi saking anggenipun mbujeng arta sawetawis tiyang sami nyimpang saking pitados sarta nyiksa badanipun piyambak kanthi kasisahan maneka warni. Prekawis punika ndadosaken manungsa tebih saking angger-anggering Sang Yehuwah lan risaking gesangipun.
Kosok wangsulipun menawi manungsa karem dhateng angger-anggering Sang Yehuwah, lan dipun gilut rinten dalah ratri, manungsa badhe nampi karahayon ingkang sejati. Rahayu tiyang ingkang lampahipun boten manut pangangen-angenipun tiyang duraka, lan boten ngambah marginipun tiyang dosa sarta boten awor lenggah ing pajagonganipun tiyang memoyok (ayat 1).
Tiyang ingkang karem dhateng angger-anggering Sang Yehuwah, lan dipun gilut rinten dalah ratri kagambaraken kados taneman ingkang tinandur wonten ing sapinggiring lepen, ingkang medalaken woh ing kalamangsanipun, lan boten alum ronipun, punapa kemawon ingkang katindakaken mesthi lestantun. Boten mekaten menggah tiyang duraka, kagambaraken kados dene mrambut ingkang kabur ing angin. Milanipun tiyang duraka punika boten tulus wonten ing ngarsaning pangadilan, mekaten tiyang dosa wonten ing pakempalanipun para tiyang mursid. Sang Yehuwah mirsa lampahipun tiyang mursid, nanging lampahipun tiyang duraka punika ngener dhateng karisakan.
Mila sumangga kita sami karem dhateng angger-anggering Sang Yehuwah lan sami nggegilut pangandikanipun Gusti punika ing gesang padintenan. Ingkang mekaten punika ingkang ndadosaken kita sami binerkahan dening Gusti. Kita tansah cecaketan kaliyan Gusti minangka sumbering berkah satemah berkah saking Pangeran Yehuwah wonten ing gesang kita. Malah nalika kita remen lan nggegilut sabdanipun minangka angger-anggering Sang Yehuwah, kita sesambetan kaliyan Panjenenganipun. Berkah saking Sang Yehuwah linuber ing gesang kita.
Rahayu ingkang karem dhumateng angger-anggering Sang Yehuwah, lan dipun gilut rinten dalu.|*DAC
