Purwaning Dumadi 7:6-10, 8:1-5; Jabur 51:1-10; II Petrus 2:1-10a GURU PALSU “Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.” (II Petrus 2:1) Minangka satunggaling serat ingkang dipun serat kangge maringi pitedah, lan kadang kala nedahaken dhateng satunggal utawi sawetawis bab sacara mirunggan, perangan seratipun Petrus ingkang kita waos wekdal punika nedahaken dhateng kawontenaning guru-guru palsu. Ingkang palsu mesthi boten leres. Mekaten ugi guru palsu, ingkang nalika semanten memucal bab-bab ingkang boten leres, malah nasaraken piwucal-piwucal Kristen. Seratipun Petrus nyebataken bilih kawontenaning guru-guru palsu punika boten perkawis anyar. Sampun wiwit rumiyin jamanipun para leluhuripun Israel, sampun wonten nabi-nabi palsu ingkang nasaraken umatipun Gusti. Sami nyelaki Gusti, nyenyamah kamulyanipun Allah, lan gesang ing jejember. Nanging, boten ateges boten wonten tiyang ingkang kasil njagi iman kapitadosanipun. Nuh lan Lut dados tuladha tiyang-tiyang ingkang tetep kiyat imanipun sinaosa gesang ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang nasar. Kasunyatanipun Gusti Allah tetep ngrimat gesangipun umat ingkang tetep tatag lan tanggon ing iman kapitadosanipun. Kasunyatan ingkang kados punika dados dhasar kangge Petrus paring pitedah dhateng pasamuwan supados tansah waspada. Ing salaminipun jaman, badhe tansah wonten tiyang-tiyang ingkang memecal bab-bab ingkang boten leres. Tiyang-tiyang punika badhe ngginakaken sedaya maneka warni cara, kalebet ngrisak piwulang Kristen ingkang sae. Sinaosa pitedahipun Petrus dipun serat ing jaman rumiyin, pitedah punika ugi kangge kita sedaya ing samangke. Guru-guru palsu lan piwulang-piwulang boten leres tansah wonten ing salaminipun. Kita minangka tiyang pitados dipun ajak kangge tansah waspada. Sumangga sami ningali lan naliti piwulang-piwulang ingkang wonten satemah saged ningali leres botenipun piwulang punika. Samia njagi patungilan kaliyan Gusti minangka Guru Sejati. |*DAC
Kemis, 11 September 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 6:1-6; Jabur 51:1-10; 1 Timoteus 1:1-11 NGRUMAOSI DOSA “Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula, saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula.” (Jabur 51:5) Manungsa punika titah ingkang sampurna. Nanging amargi dhumawah ing dosa manungsa punika titah ingkang gampil damel dosa lan kalepatan. Tanggapan dhateng kalepatan punika ingkang mbentenaken kita setunggal lan sanesipun. Wonten tiyang ingkang purun ngakeni dosanipun. Tiyang punika enggal nyuwun pangapunten dhumateng Gusti awit dosa lan kalepatanipun. Kosok wangsulipun, wonten ugi tiyang ingkang boten gadhah sikep kados mekaten, boten sami sadhar pandamel dosanipun. Bab punika ingkang damel imanipun tansah miyar-miyur, kebak panggodha, lan boten kiyat. Waosan wekdal samangke mujudaken pandonga lan mawas dhirinipun Prabu Dawud. Panjenenganipun saestu keduwung awit dosanipun lan nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah. Sacara mirunggan, pandonga panelangsaning dosa punika awit keduwungipun Prabu Dawud ingkang ngrebat Batsyeba, semahipun Uria. Panelangsa lan pengapunten tansah kawiwitan kanthi pengakening dosa. Satunggaling pengakening dosa ingkang dipun dhasari raos pangraos bilih dhirinipun punika ringkih lan kebak dosa (ayat 5). Dosa pindha blenggu ingkang njiret gesanging manungsa. Wohing dosa inggih punika risakipun sesambetan kaliyan sesami lan Gusti. Prabu Dawud sadhar saestu bilih kangge mulihaken seambetan punika, Gusti ingkang mitulungi. Prabu Dawud asring nyuwun pangapunten lan pitulungan dhateng Allah (ayat 10-12). Dawud yakin bilih Gusti badhe ngapunteni dosanipun. Sabab, Gusti punika pribadi ingkang kebak katresnan dhateng umatipun. Gusti badhe melasi umatipun lan ing sih rahmatipun, manungsa badhe kaparingan gesang anyar (ayat 3). Nas punika minangka pitedah kangge kita ing samangke. Kita dipun timbali supados tansah ngrumaosi dosa dhumateng Allah. Sampun ngantos kita rumaos saged “nyingidaken dosa” saking Allah ingkang Maha Mirsani. Boten wonten ingkang saged sesingidan saking pamirsaning Katresnanipun Allah. Sumangga sami ngrumaosi dosa kita ing ngarsanipun Allah. |*DAC
Rebo, 10 September 2025 Minggu Limrah
II Para Raja 18:19-25; Jabur 101; Lukas 18:18-30 NAMPI GESANG LANGGENG “Iku bakal tampa piwales tikel-matikel, ing jaman saiki uga, lan ing jaman kang bakal kalakon bakal tampa urip langgeng” (Lukas 18:30) Gesang punika boten namung ing jagad punika, ananging ugi gesang saksampunipun pejah. Asring ing gesang punika, kita mbetahaken jaminan. Kadosta : jaminan kesehatan, panyambut damel, pensiun, hukum, status, lan sapiturutipun. Jaminan punika damel kita rumaos aman kangge nglampahi gesang. Menawi mekaten, punapa ingkang dados jaminan ing gesangipun tiyang Kristen menawi kita setya dherek Gusti Yesus? Nalika mireng pirembaganipun Gusti Yesus ing perikop saderengipun, Petrus ngunjukaken pitakenan ingkang makili pangraosing manahipun lan manah sekabat sanesipun. “Kawula punika sampun sami nilar sadaya gadhahan kawula lajeng ndherek Paduka.” – punika aturipun Petrus ing ayat 28. Pitakenan punika ngetingalaken bilih dhirinipun sumadya ngurbanaken dhiri ndherek Gusti Yesus. Gusti Yesus mirsani pangraosing manahipun para murid. Mila Gusti parIng pangandika ingkang nentremaken. Gusti Yesus ngemutaken lan nyaruwe para murid. Wosipun, Gusti Yesus mbereg para murid bab ingkang dados landhesan anggenipun sami sumadya dados kurban. Punapa bab pangajeng-ajeng dhateng kratoning Allah utawi bab sanesipun? Menawi dhasar kangge nagturaken pangurbanan punika Kratoning Allah, pangurbanan punika badhe dipun gantos matikel-tikel. Malah, linangkung saking punika, sami badhe nampi gesang ingkang langgeng (ayat 30). Sabdanipun Gusi Yesus punika wigati kangge kita raosaken wekdal samangke. Punapa ingkang ndhasari kita atur pangurbanan? Anggen kita andum berkah dhateng sesami supados ketingal sae, dipun alem? Punapa kagem Kratoning Allah? Gusti Yesus nyaruwe kita supados pengurbanan kita adhedhasar Kratoning Allah. Boten kangge kratoning dhiri pribadi. Kangge angsal pangalembana utawi supados ketingal minangka tiyang Kristen ingkang sae. Nalika dhasar anggen kita ngurbananken dhiri leres, inggih punika kagem Kratoning Allah, kita badhe nampi gesang langgeng. |*DAC
Slasa, 9 September 2025 Minggu Limrah
II Para Raja 18:9-18; Jabur 101; 1 Timoteus 4:6-16 DADOS TULADHA “Aja nganti ana wong kang nyepelekake kowe, marga kowe isih enom. Kowe dadia tuladha tumrap para wong kang pracaya ing bab tembung-tembungmu, tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmu tuwin ing bab kasucenmu.” (1 Timoteus 4:11) Sacara umum dados tuladha punika katujokaken dhateng tiyang sepuh, pamulang, pangarsaning agami lan masyarakat. Tiyang-tiyang punika dados tuladha awit kaanggep sampun sinau saking pengalaman ingkang langkung rumiyin, langkung dangu. Saben kabudayan gadhah pangajeng-ajeng ingkang ageng bilih para tiyang sepuh, para pamulang, para pangarsaning agami lan masyarakat ingkang sampun samesthinipun ngetingalaken patuladhan ing tembung lan tumindak. Temtu pangajeng-ajeng kasebat dados dhawuh timbalan ingkang wajib dipun upadi kanthi sawetahing nalar-budi lan kekiyatan. Tanpa patuladhan ingkang sae, gesanging tiyang sepuh, para pamulang, para pangarsaning agami lan masyarakat badhe dados pambengan. Nanging patuladhan ugi wajib dipun tindakaken dening kaneman. Rasul Paulus paring pitedah supados Timoteus dados tuladha kangge para tiyang pitados ing bab pitembungan, tumindak, katresnan, kasetyan tuwin ing bab kasucen. Gangsal bab patuladhan ing pitembungan, tumindak, katresnan, kasetyan lan kasucen ingkang umumipun dipun paringaken dhateng kasepuhan (tiyang sepuh, para pamulang, para pangarsaning agami lan masyarakat, ugi dipun paringaken dhateng tiyang-tiyang anem. Punapa kasunyatanipun para kaneman katimbalan dados tuladha ing bab pitembungan, tumindak, katresnan, kasetyan tuwin ing bab kasucen? Punapa patuladhan punika mesthi kagayuh lumantar pambudi daya ingkang dangu, pengalaman lan pasinaon ingkang asring damel sakit? Kosok wangsulipun kawontenan tiyang-tiyang anem umumipun taksih ringkih, dereng manggihi jati dhirinipun, pengalamanipun dereng kathah, gampil dipun kuwaosi dening kanepson, lan emosi ingkang dereng saged dipun kendhaleni. Punapa saged tiyang-tiyang anem katimbalan dados tuladha? Taksih anem boten dados pepalang anggenipun Timoteus nindakaken dhawuh timbalan saking Gusti. Mekaten ugi para lare anem saged kemawon dados tuladha menawi purun sinau lan tansah mbudi daya. |*DAC
Senen, 8 September 2025 Minggu Limrah
II Para Raja 17:24-41; Jabur 101; 1 Timoteus 3:14-4:5 GESANG KANTHI MANAH RESIK “Kawula badhe migatosaken gesang ingkang tanpa cacad: Benjing punapa Paduka badhe nedhaki kawula? Kawula badhe gesang kanthi manah ingkang resik wonten ing griya kawula.” (Jabur 101:2) Resik punika prekawis ingkang wigati. Kasucen boten saged manunggal kaliyan dosa. Mila rereged kedah dipun resiki, dipun birat. Punapa malih tiyang dosa boten saged sowan Gusti ingkang Maha Suci menawi boten resik manahipun. Sang juru mazmur miwiti mazmur punika kanthi satunggaling pepujian bab kasetyanipun Gusti anggenipun netepi prasetyanipun lan kaadilanipun (ayat 1). Salajengipun, minangka satunggaling ratu, kejawi nglairaken raos kangenipun kangge gesang manut pitedah-pitedahipun Gusti ingkang sampurna (ayat 2a) lan nyuwun supados Gusti piyambak ingkang mitulungi. Pemazmur ugi purun nglampahi gesang ingkang sembada. Gesang kanthi manah ingkang resik ing gesang padintenan punika nampik kangge tumindak awon, sengit dhateng tumindak murtad, lan nebihi saking sikep sarta pandamel ingkang boten leres. Namung kemawon, kita kedah mangertos kados pundi nanggapi kanthi leres, sae dhateng tiyang-tiyang ingkang gesangipun leres punapa dene ingkang lepat. Mila kedah wonten kesanggeman kangge nyirnakaken kadurakan lan piawon. Minangka tiyang Kristen, punapa kemawon jejer kita, linangkung menawi kita dados pemimpin, kita sampun samesthinipun njagi gesang ingkang sembada. Pikiran ingkang purun gesang ing kayekten lan nampik piawon, kedah mawujud ing tumindak nyata. Boten namung mandheg ing wicanten, nanging ugi mawujud ing lampahing gesang. Gesang kanthi manah ingkang resik mbetahaken kesanggeman ingkang kedah karimat lan dipun rembakakaken ing salamining gesang. Punika mijil boten namung saking kasaenan lan pambudi dayanipun piyambak, ananging ugi saking gesang ingkang ajrih asih dhumateng Gusti. Awit saking punika, sumangga nglampahi gesang kanthi manah ingkang resik ing sih rahmatipun kagem kamulyanipun Gusti Allah. |*DAC
Minggu, 7 September 2025 Minggu Limrah
Pangandharing Toret 30:15-20; Jabur 1; Filemon 1:1-21; Lukas 14:25-33 MANGGUL SALIB “Sing sapa ora manggul salibe lan ngetut buri Aku, iku ora bisa dadi siswaKu.” (Lukas 14:27) Ing KPJ 124:1 (Kula Sestu Ndherek Gusti) wonten tetembungan mekaten: “Kula sèstu ndhèrèk Gusti kang jumeneng Panutan. Tetep setya dugèng janji, tan wigih karibedan. Dhuh nyawaku, ja kwatir; Gusti tan éwah gingsir. Tut wuria salaminya ing satindaké Gusti. Ndherek Gusti panci boten namung ngetut wingking nanging ugi manggul salib. Punika ingkang nyagedaken kita dados siswanipun.” Siswa utawi murid menika kedah nuladha dhumateng Sang Guru. Gusti Yesus punika Sang Guru ingkang sampun manggul salib kangge nebus kita saking dosa. Manggul salib wujud kasetyanipun Sang Putra ngestokaken dhawuhipun Sang Rama. Awit para pandherekipun Sang Kristus punika dados siswanipun mila ugi kedah ndherek manggul salib. Menawi boten manggul salibipun lan ngetut wingking dhateng Sang Kristus, boten saged kasebat minangka siswa. Anggenipun manggul salib punika katindakaken dening para siswanipun kanthi setya lan boten ajrih utawi kuwatos awit Gusti ugi tetep setya nganthi para siswanipun. Ndherek Gusti manggul salib lan ngetut wingking ing satindakipun Gusti katindakaken dumugi salaminya. Kangge tiyang Kristen tandha salib boten namung dipun angge asesoris kangge ngetingalaken titikaning kapitadosanipun. Tandha salib punika lambang kasangsaranipun Sang Kristus kangge milujengaken tiyang dosa. Lukas nyathet pangandikanipun Gusti Yesus, bilih sinten ingkang boten manggul salibipun lan ngetut wingking Gusti Yesus, punika boten saged dados siswanipun Sang Kristus. Manggul salib nedahaken sikep sumadya nyanggi momotaning gesang, sae sacara kasukman punapa dene kajasmanen minangka bukti iman kapitadosanipun. Dene ndherek Gusti Yesus ateges mitadosi saben sabdanipun Gusti Yesus minangka pangandikaning Allah ingkang saestu nuntun dhateng gesang langgeng. Ndherek Gusti artosipun pitados lan ugi nindakaken saben pangandikanipun kanthi nulad tata gesangipun Gusti Yesus kadosta : andhap asor, manah minangka abdi, boten mentingaken dhiri malah rila ngurbanaken dhiri kangge nebus manungsa saking dosa. |*DAC
Setu, 6 September 2025 Minggu Limrah
Pangandharing Toret 29:2-20; Jabur 1; Mateus 10:34-42 NGLAMPAHI KANTHI TUMEMEN “Mulane kowe padha nglakonana pangandikaning prasetyan iki kanthi tumemen, supaya kowe padha bisa oleh kabegjan ing sabarang kang koklakoni.” (Pangandharing Toret 29:9) Kidung Pasamuwan Jawi angka 427 ingkang jejeripun, “Begja Sejati”, pada setunggal ungelipun mekaten: “Begja sejati, ngabdi mring Gusti, yeku gesang kang pangaji. Dadya lantaran mrih karukunan, katentreman kelampahan. Mung Sang Kristus yeku Gusti, Panebus kula sejati. Gesang kawula, kagem asma-Nya nggih martosken sih rahmat-Nya.” Kekidungan punika nedahaken kabegjan sejati namung dipun panggihaken ing Gusti Yesus Kristus ingkang sampun nebus kita saking dosa. Boten saben tiyang saged nampi lan ngraosaken kabegjan punika. Inggih namung nglampahi pangandikanipun kanthi tumemen ingkang sami saged nampi kabegjan sejati punika. Waosan kita ing dinten niki mratelakaken bab punika. Nabi Musa nimbali umat Israel kangge wangsul dhateng Gusti. Musa ngemutaken nalika Pangeran Yehuwah ngluwari bangsa Israel saking Mesir lan nuntun dhateng Kanaan. Kathah mukjizat lan pakaryaning Sang Yehuwah ingkang ingkang dipun alami dening bangsa Israel. Ningali kados pundi Sang Prabu Pringon dipun kawonaken. Ugi nekseni bilih 40 taun ing pasamunan boten kekirangan punapa-punapa. Rasukan lan trumpahipun boten risak sadangunipun 40 taun (ayat 2-6). Para mengsah saged dipun kawonaken, sinaosa boten gadhah pengalaman perang (ayat 7-8). Musa ugi ngemutaken bilih umat saged gesang kanthi sae ngantos dumugi wekdal semanten awit berkahipun Gusti Allah. Umat dipun timbali sinau setya dhumateng Gusti. Kanthi nglampahi pangandikaning prasetyan saking Gusti kanthi tumemen, umat sami saged nampi kabegjan ing samukawis ingkang dipun lampahi. Kados KPJ 427:1, ngabdi dhumateng Gusti awit sampun nampi kabegjan sejati punika wujud nglampahi pangandikaning prasetyan saking Gusti kanthi tumemen. Karana kabegjan sejati punika, sumangga kita sami nglampahi pangandikaning prasetyan saking Gusti kanthi tumemen. |*DAC
Jemuwah, 5 September 2025 Minggu Limrah
Pangandharing Toret 7:12-26; Jabur 1; Kolose 4:7-17 NILINGAKEN LAN NGLAMPAHI “Sarta bakal kelakon, sarehne kowe padha nilingake lan nglakoni pranatan-pranatan iku kalawan temen-temen, mulane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal netepi prasetyan lan sih-kadarmane kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.” (Pangandharing Toret 7:12) Lare ingkang nembe remen sinau maca biasanipun gadhah pepenginan maca tulisan punapa kemawon. Sae seratan ing buku, majalah, ing tayangan televisi, HP lan sapiturutipun. Malah menawi wonten coretan ing tembok ugi lare punika mbudi daya pengin maca coretan punika. Lare wau nilang-niling coretan kanthi lugu lan sinaosa anggenipun maca taksih dereng lancar nanging wonten semangat sinau maca. Dhateng umat Israel, Gusti paring prasetya badhe ngasihi, mberkahi, lan damel bangsa Israel kathah (ayat 13). Gusti Allah badhe paring berkah dhateng sedayanipun lumantar asiling bumi ingkang linuber sarta nebihaken umat saking sesakit lan mengsahipun (ayat 15). Bab punika badhe dipun tampi, menawi umat boten nyembah allahipun bangsa-bangsa sanes. Pangeran Yehuwah ugi badhe perang nglawan mengsahipun bangsa Israel. Sinaosa bangsa-bangsa ingkang badhe dipun adhepi langkung kathah, kiyat, lan prakosa, ananging Pangeran Yehuwah piyambak ingkang badhe nyirnakaken. Bangsa Israel boten perlu ajrih lan geter sabab Pangeran Yehuwah badhe maringi kaunggulan dhateng umat (ayat 17-24). Umat kedah nyirnakaken sedaya reca sesembahan bangsa-bangsa punika. Bangsa Israel boten pareng mbekta mlebet barang najis ing papanipun (ayat 25-26). Menawi umatipun sami nilingaken lan nglampahi pranatan-pranatanipun kanthi temen-temen, Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, inggih badhe netepi prasetyan lan sih-kadarmanipun ingkang sampun dipun dhawuhaken kanthi supaos dhateng para leluhur. Mirengaken lan nindakaken pranatan-pranatanipun Gusti nuwuhaken berkah. Nalika sampun dipun berkahi lan kaunggulaken saking dosa, kita kedah njagi supados boten nyembah allah sanes. Waosan kita dinten punika mratelaken prasetyanipun Gusti kangge umatipun ingkang sami nilingaken lan nglampahi pranatan-pranatanipun kanthi temen-temen. |*DAC
Kemis, 4 September 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 39:1-23; Jabur 1; Filipi 2:25-30 KAREM DHUMATENG ANGGER-ANGGER “nanging kang karem marang angger-anggere Sang Yehuwah, lan digilut-gilut rina wengi.” (Jabur 1:2) Wonten pangandika, amargi ingkang dados sumbering sedaya piawon punika ambek karem bandha. Awit amargi saking anggenipun mbujeng arta sawetawis tiyang sami nyimpang saking pitados sarta nyiksa badanipun piyambak kanthi kasisahan maneka warni. Prekawis punika ndadosaken manungsa tebih saking angger-anggering Sang Yehuwah lan risaking gesangipun. Kosok wangsulipun menawi manungsa karem dhateng angger-anggering Sang Yehuwah, lan dipun gilut rinten dalah ratri, manungsa badhe nampi karahayon ingkang sejati. Rahayu tiyang ingkang lampahipun boten manut pangangen-angenipun tiyang duraka, lan boten ngambah marginipun tiyang dosa sarta boten awor lenggah ing pajagonganipun tiyang memoyok (ayat 1). Tiyang ingkang karem dhateng angger-anggering Sang Yehuwah, lan dipun gilut rinten dalah ratri kagambaraken kados taneman ingkang tinandur wonten ing sapinggiring lepen, ingkang medalaken woh ing kalamangsanipun, lan boten alum ronipun, punapa kemawon ingkang katindakaken mesthi lestantun. Boten mekaten menggah tiyang duraka, kagambaraken kados dene mrambut ingkang kabur ing angin. Milanipun tiyang duraka punika boten tulus wonten ing ngarsaning pangadilan, mekaten tiyang dosa wonten ing pakempalanipun para tiyang mursid. Sang Yehuwah mirsa lampahipun tiyang mursid, nanging lampahipun tiyang duraka punika ngener dhateng karisakan. Mila sumangga kita sami karem dhateng angger-anggering Sang Yehuwah lan sami nggegilut pangandikanipun Gusti punika ing gesang padintenan. Ingkang mekaten punika ingkang ndadosaken kita sami binerkahan dening Gusti. Kita tansah cecaketan kaliyan Gusti minangka sumbering berkah satemah berkah saking Pangeran Yehuwah wonten ing gesang kita. Malah nalika kita remen lan nggegilut sabdanipun minangka angger-anggering Sang Yehuwah, kita sesambetan kaliyan Panjenenganipun. Berkah saking Sang Yehuwah linuber ing gesang kita. Rahayu ingkang karem dhumateng angger-anggering Sang Yehuwah, lan dipun gilut rinten dalu.|*DAC
Rebo, 3 September 2025 Minggu Limrah
Yesaya 57:14-21; Jabur 119:65-72; Lukas 14:15-24 TENTREM KANGGE SEDAYA “Ingsun bakal karya pepujian. Tentrem, tentrem rahayu marang wong kang adoh lan kang cedhak — mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah — sarta kang bakal Sunwarasake!.” (Yesaya 57:19) Sedaya umat manungsa ing jagad punika mbetahaken katentreman. Limrahipun tiyang punika pados katentreman lan kawilujengan. Linangkung katentreman lan karahayon saking Gusti. Nalika kita nampi kawilujengan lan katentreman saking Gusti, gesang kita ugi ngraosaken tentrem lan raharja. Waosan kita dinten niki nyariyosaken bab tiyang-tiyang Yehuda ingkang gesang tebih saking karsaning Allah, boten trep kaliyan jati dhirinipun minangka umating Allah. Umat sami nyembah dhateng brahala. Lajeng sami sadhar bilih sami mbetahaken panglipuran. Nabi Yesaya paring pratela, namung Gusti Allah ingkang saged paring panglipur. Namung kemawon, wonten syaratipun, inggih punika umat kedah sami mratobat lan mbucal sedaya wujud pambengan ingkang ngalangi berkahing Allah (ayat 14). Gusti Allah namung badhe nglipur lan nggesangaken tiyang-tiyang ingkang rempu manahipun lan andhap asor (ayat15). Sasampunipun wangsul saking tanah Babel, bangsa Yehuda nggadhahi pepenginan nyuwun pangapunten dhateng Gusti Allah. Nabi Yesaya nywantenaken bab badhenipun Gusti karya pepujian. Katentreman lan karahayon dhateng tiyang ingkang tebih lan ingkang celak sarta sami badhe dipun sarasaken. Kangge nampi pangapuntening Allah, umat kedah manut ing pilihaning Allah, boten kanthi pilihanipun piyambak. Umat kedah ngakeni dosa ingkang kadamel lan apiduwung. Gusti Allah punika kebak katresnan lan kamirahan. Panjenenganipun paring pangapunten dhateng tiyang ingkang keduwung lan ngakeni dosanipun. Malah Gusti Allah badhe maringi semangat lan gesang anyar. Boten wonten katentreman kangge tiyang duraka. Wekdal kangge mratobat tansah kaparingaken dening Gusti Allah dhateng manungsa nalika sami dene ngrumaosi dosa lan mratobat. Kanthi mekaten manungsa badhe nampi pangapunten lan kawilujengan satemah katentreman lan karahayon katampi dening manungsa. Tentrem rahayu kangge sedaya ingkang sami keduwung lan ngakeni dosanipun.|*DAC
