Pangandharing Toret 29:2-20; Jabur 1; Mateus 10:34-42
NGLAMPAHI KANTHI TUMEMEN
“Mulane kowe padha nglakonana pangandikaning prasetyan iki kanthi tumemen, supaya kowe padha bisa oleh kabegjan ing sabarang kang koklakoni.”
(Pangandharing Toret 29:9)
Kidung Pasamuwan Jawi angka 427 ingkang jejeripun, “Begja Sejati”, pada setunggal ungelipun mekaten: “Begja sejati, ngabdi mring Gusti, yeku gesang kang pangaji. Dadya lantaran mrih karukunan, katentreman kelampahan. Mung Sang Kristus yeku Gusti, Panebus kula sejati. Gesang kawula, kagem asma-Nya nggih martosken sih rahmat-Nya.”
Kekidungan punika nedahaken kabegjan sejati namung dipun panggihaken ing Gusti Yesus Kristus ingkang sampun nebus kita saking dosa. Boten saben tiyang saged nampi lan ngraosaken kabegjan punika. Inggih namung nglampahi pangandikanipun kanthi tumemen ingkang sami saged nampi kabegjan sejati punika. Waosan kita ing dinten niki mratelakaken bab punika.
Nabi Musa nimbali umat Israel kangge wangsul dhateng Gusti. Musa ngemutaken nalika Pangeran Yehuwah ngluwari bangsa Israel saking Mesir lan nuntun dhateng Kanaan. Kathah mukjizat lan pakaryaning Sang Yehuwah ingkang ingkang dipun alami dening bangsa Israel. Ningali kados pundi Sang Prabu Pringon dipun kawonaken. Ugi nekseni bilih 40 taun ing pasamunan boten kekirangan punapa-punapa. Rasukan lan trumpahipun boten risak sadangunipun 40 taun (ayat 2-6). Para mengsah saged dipun kawonaken, sinaosa boten gadhah pengalaman perang (ayat 7-8).
Musa ugi ngemutaken bilih umat saged gesang kanthi sae ngantos dumugi wekdal semanten awit berkahipun Gusti Allah. Umat dipun timbali sinau setya dhumateng Gusti. Kanthi nglampahi pangandikaning prasetyan saking Gusti kanthi tumemen, umat sami saged nampi kabegjan ing samukawis ingkang dipun lampahi.
Kados KPJ 427:1, ngabdi dhumateng Gusti awit sampun nampi kabegjan sejati punika wujud nglampahi pangandikaning prasetyan saking Gusti kanthi tumemen. Karana kabegjan sejati punika, sumangga kita sami nglampahi pangandikaning prasetyan saking Gusti kanthi tumemen. |*DAC
