Pangandharing Toret 30:15-20; Jabur 1; Filemon 1:1-21; Lukas 14:25-33
MANGGUL SALIB
“Sing sapa ora manggul salibe lan ngetut buri Aku,
iku ora bisa dadi siswaKu.”
(Lukas 14:27)
Ing KPJ 124:1 (Kula Sestu Ndherek Gusti) wonten tetembungan mekaten: “Kula sèstu ndhèrèk Gusti kang jumeneng Panutan. Tetep setya dugèng janji, tan wigih karibedan. Dhuh nyawaku, ja kwatir; Gusti tan éwah gingsir. Tut wuria salaminya ing satindaké Gusti. Ndherek Gusti panci boten namung ngetut wingking nanging ugi manggul salib. Punika ingkang nyagedaken kita dados siswanipun.”
Siswa utawi murid menika kedah nuladha dhumateng Sang Guru. Gusti Yesus punika Sang Guru ingkang sampun manggul salib kangge nebus kita saking dosa. Manggul salib wujud kasetyanipun Sang Putra ngestokaken dhawuhipun Sang Rama. Awit para pandherekipun Sang Kristus punika dados siswanipun mila ugi kedah ndherek manggul salib. Menawi boten manggul salibipun lan ngetut wingking dhateng Sang Kristus, boten saged kasebat minangka siswa.
Anggenipun manggul salib punika katindakaken dening para siswanipun kanthi setya lan boten ajrih utawi kuwatos awit Gusti ugi tetep setya nganthi para siswanipun. Ndherek Gusti manggul salib lan ngetut wingking ing satindakipun Gusti katindakaken dumugi salaminya.
Kangge tiyang Kristen tandha salib boten namung dipun angge asesoris kangge ngetingalaken titikaning kapitadosanipun. Tandha salib punika lambang kasangsaranipun Sang Kristus kangge milujengaken tiyang dosa. Lukas nyathet pangandikanipun Gusti Yesus, bilih sinten ingkang boten manggul salibipun lan ngetut wingking Gusti Yesus, punika boten saged dados siswanipun Sang Kristus.
Manggul salib nedahaken sikep sumadya nyanggi momotaning gesang, sae sacara kasukman punapa dene kajasmanen minangka bukti iman kapitadosanipun. Dene ndherek Gusti Yesus ateges mitadosi saben sabdanipun Gusti Yesus minangka pangandikaning Allah ingkang saestu nuntun dhateng gesang langgeng. Ndherek Gusti artosipun pitados lan ugi nindakaken saben pangandikanipun kanthi nulad tata gesangipun Gusti Yesus kadosta : andhap asor, manah minangka abdi, boten mentingaken dhiri malah rila ngurbanaken dhiri kangge nebus manungsa saking dosa. |*DAC
