+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 12 September 2025 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 7:6-10, 8:1-5; Jabur 51:1-10; II Petrus 2:1-10a

GURU PALSU

“Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau

lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.

(II Petrus 2:1)

Minangka satunggaling serat ingkang dipun serat kangge maringi pitedah, lan kadang kala nedahaken dhateng satunggal utawi sawetawis bab sacara mirunggan, perangan seratipun Petrus ingkang kita waos wekdal punika nedahaken dhateng kawontenaning guru-guru palsu. Ingkang palsu mesthi boten leres. Mekaten ugi guru palsu, ingkang nalika semanten memucal bab-bab ingkang boten leres, malah nasaraken piwucal-piwucal Kristen.

Seratipun Petrus nyebataken bilih kawontenaning guru-guru palsu punika boten perkawis anyar. Sampun wiwit rumiyin jamanipun para leluhuripun Israel, sampun wonten nabi-nabi palsu ingkang nasaraken umatipun Gusti. Sami nyelaki Gusti, nyenyamah kamulyanipun Allah, lan gesang ing jejember.

Nanging, boten ateges boten wonten tiyang ingkang kasil njagi iman kapitadosanipun. Nuh lan Lut dados tuladha tiyang-tiyang ingkang tetep kiyat imanipun sinaosa gesang ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang nasar. Kasunyatanipun Gusti Allah tetep ngrimat gesangipun umat ingkang tetep tatag lan tanggon ing iman kapitadosanipun.

Kasunyatan ingkang kados punika dados dhasar kangge Petrus paring pitedah dhateng pasamuwan supados tansah waspada. Ing salaminipun jaman, badhe tansah wonten tiyang-tiyang ingkang memecal bab-bab ingkang boten leres. Tiyang-tiyang punika badhe ngginakaken sedaya maneka warni cara, kalebet ngrisak piwulang Kristen ingkang sae.

Sinaosa pitedahipun Petrus dipun serat ing jaman rumiyin, pitedah punika ugi kangge kita sedaya ing samangke. Guru-guru palsu lan piwulang-piwulang boten leres tansah wonten ing salaminipun. Kita minangka tiyang pitados dipun ajak kangge tansah waspada. Sumangga sami ningali lan naliti piwulang-piwulang ingkang wonten satemah saged ningali leres botenipun piwulang punika. Samia  njagi patungilan kaliyan Gusti minangka Guru Sejati. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *