Purwaning Dumadi 8:20-9:7; Jabur 51:1-10; Yokanan 10:11-21
PANGEN INGKANG UTAMI
“Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku
ngetohake nyawane kanggo wedhus-wedhuse,”
(Yokanan 10:11)
Pangen gadhah jejibahan angen menda. Gusti Yesus punika pangen ingkang utami. Kangge nebus dosa kita, Guati Allah dados manungsa lan seda ing kajeng salib. Gusti Yesus nanggel dosa kita satemah kita saged sowan ing ngarsanipun Gusti lan nunggil kaliyan Panjenenganipun. Punika katresnan lan kawilujenganing Gusti ingkang tanpa pamrih kangge kita.
Gusti Yesus ngendika : “Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohake nyawane kanggo wedhus-wedhuse.” (ayat 11) Pangandikanipun Gusti Yesus punika, menawi kita raos-raosaken saestu saged damel trenyuh ing manah kata. Saking sabda pangandikanipun Gusti kita ningali katresnan lan pangurbananipun Gusti Yesus kangge kita. Ing jamanipun Angger-anggering Toret, umat manungsa saben dinten langkung karisak dening Iblis, lan dosaning manungsa langkung kathah. Angger-anggering Toret boten saged ngendhaleni tumindaking manungsa. Manungsa badhe ngadhepi bebaya lan kaukum pejah dening angger-anggering Toret karana manungsa boten nggadhahi kurban pambirating dosa ingkang cekap. Sedaya ndedonga kanthi saestu lan sesambat dhumateng Gusti Allah. Kangge milujengaken umat manungsa, Gusti Allah dados manungsa ing Gusti Yesus. Panjenenganipun rila masrahaken nyawanipun lan dipun salib kangge umat manungsa, Sang Kristus dados kurban pambirating dosaning manungsa lan nanggel dosaning manungsa.
Wiwit nalika Gusti Yesus minangka Pangen ingkang utami, ingkang sampun ngurbanaken dhiri, manungsa boten malih misungsungaken kurban nalika tumindak dosa, sauger sami mratobat lan pitados dhumateng Gusti. Manungsa saged ngraosaken berkah, saged sowan dhumateng Gusti lan nampi sih rahmat peparingipun Gusti. Tanpa penebusaning Gusti Yesus, manungsa punika selamaning gesang wonten ing dosa. Mila kita tansah ngaturaken panuwun sokur awit gadhah Pangen ingkang utami, ingkang saestu ageng katresnanipun dhateng kita minangka menha-mendanipun Gusti. I *DAC
