+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 14 September 2025 Minggu Limrah

Pangentasan 32:7-14; Jabur 51:1-10; 1 Timoteus 1:12-17; Lukas 15:1-10

KABINGAHAN AGENG

“Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga

bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat,                                                                                                                         ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga

kang ora usah mratobat.

(Lukas 15:7)

Waosan dinten punika, kelampahan nalika Gusti Yesus nanggapi sikepipun sawetawis tiyang Farisi lan ahli Toret ingkang sami sambat bilih Yesus memitran kaliyan tiyang dosa lan dhahar sesarengan. Gusti Yesus lajeng maringi tigang pasemon, inggih punika menda ingkang ical, arta dirham ingkang ical, lan anak ingkang ical. Ing pasemon menda ingkang ical, sang pangen nilar sangang dasa sanga menda ingkang boten ical lan madosi kanthi saestu satunggal menda ingkang ical satemah manggihaken. Sasampunipun manggihaken menda ingkang ical, sang pangen punika ngulemi para mitranipun kangge bingah-bingah, awit menda ingkang ical sampun kapanggihaken.

Nalika semanten, Gusti Yesus mungkasi pasemon kanthi ngendika,”Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.” Pangandika punika nedahaken bilih nalika tiyang dosa mratobat lan wangsul dhateng Allah, kabingahan ing swarga linangkung ageng katimbang kabingahaning tiyang ingkang boten mbetahaken pamratobat. Ing pasemonipun, Gusti Yesus ngendika bilih saben tiyang dosa ingkang mratobat lanwangsul dhateng Allah saestu aos ing pamirsanipun Allah. Kanthi kabingahan Gusti nampi ingkang sami mratobat lan wangsul dhateng Gusti Allah.

Pratelan punika ugi nedahaken wigatinipun katresnan lan kawelasipun Gusti Allah dhateng manungsa dosa ingkang mratobat, sarta wigatinipun kabingahan ing swarga awit pamratobatipun manungsa. Kanthi mekaten, kabingahan ing swarga langkung ageng awit satunggal tiyang dosa ingkang mratobat katimbang sangang dasa sanga ingkang leres ingkang boten mbetahaken pamratobat. Punika nelakaken bilih Gusti Allah ngasihi tiyang dosa ingkang mratobat lan wangsul dhateng Gusti. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *