+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 15 September 2025 Minggu Limrah

Amos 7:1-6; Jabur 73; 1 Timoteus 1:18-20

REMEN CELAK KALIYAN GUSTI ALLAH

Nanging kawula, kawula remen celak kaliyan Gusti Allah; Pangeran Allah ingkang kawula anggep dados pangayoman kawula, supados kawula

saged nyariyosaken sakathahing pakaryanipun.(Jabur 73:28)

Celak kaliyan tiyang ingkang dipun tresnani menika prekawis ingkang ngremenaken. Nanging celak kaliyan ingkang boten dipun tresnani punika boten nyekecakaken manah. Langkung-langkung ingkang sengit dhateng kita utawi ingkang kita sengiti.

Jabur 73 punika ngemot pergumulaning Asaf. Ing ngriki, Asaf mapanaken pangajeng-ajengipun dhumateng Gusti. Mekaten ugi kita minangka putranipun Gusti benten kaliyan tiyang sanes nalika ngadhepi pergumulaning gesang. Kita boten badhe dhumawah ing kawontenan boten gadhah pangajeng-ajeng kados tiyang sanes ing sakjawining Gusti. Punika ingkang dipun aturaken dening Asaf ing ayat 27 bilih tiyang-tiyang ingkang tebih saking Gusti badhe ngalami bab-bab ingkang langkung awon.

Kenging punapa Gusti ngersakaken supados kita remen celak kaliyan Gusti ing satengahing pergumulaning gesang? Sepisan, Gusti tetep Allah kita. celak kaliyan Gusti badhe ndadosaken  kita tansah sadhar bilih sinaosa Gusti nembe ndadar kita , Gusti tansah ngasihi kita.

Kaping kalih, tiyang ingkang tebih saking Gusti pungkasanipun nemahi bilai. Punika ingkang dipun alami dening Asaf, nalika piyambakipun meh kecalan pangajeng-ajeng awit ningali tiyang sakjawining Gusti gesangipun ketingal sekeca, nanging ingkang wonten ing Gusti malah ngalami kangelan. Ananging, wonten kersanipun Gusti ingkang sae nalika kita ngalami kangelan ing gesang kita. Kita badhe nampi berkah. Gusti badhe paring pangertosan bab punika.

Mila sumangga kita nyadhari bilih kita mbetahaken Gusti. Namung ing Panjenenganipun, kita badhe nampi kamulyan. Pangayoman ingkang sejati boten pinisah saking kita, inggih punika sesambetan kaliyan Gusti Allah.

Sumangga tansah remen celak kaliyan Gusti. Kita badhe tansah kinasihan, kaayoman lan kapitulungan rahayu dening Gusti Allah. Kita badhe kaluberan berkah nalika celak kaliyan Gusti minangka sumbering gesang kita sedaya. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *