II Para Raja 18:19-25; Jabur 101; Lukas 18:18-30
NAMPI GESANG LANGGENG
“Iku bakal tampa piwales tikel-matikel, ing jaman saiki uga,
lan ing jaman kang bakal kalakon bakal tampa urip langgeng”
(Lukas 18:30)
Gesang punika boten namung ing jagad punika, ananging ugi gesang saksampunipun pejah. Asring ing gesang punika, kita mbetahaken jaminan. Kadosta : jaminan kesehatan, panyambut damel, pensiun, hukum, status, lan sapiturutipun. Jaminan punika damel kita rumaos aman kangge nglampahi gesang. Menawi mekaten, punapa ingkang dados jaminan ing gesangipun tiyang Kristen menawi kita setya dherek Gusti Yesus?
Nalika mireng pirembaganipun Gusti Yesus ing perikop saderengipun, Petrus ngunjukaken pitakenan ingkang makili pangraosing manahipun lan manah sekabat sanesipun. “Kawula punika sampun sami nilar sadaya gadhahan kawula lajeng ndherek Paduka.” – punika aturipun Petrus ing ayat 28. Pitakenan punika ngetingalaken bilih dhirinipun sumadya ngurbanaken dhiri ndherek Gusti Yesus.
Gusti Yesus mirsani pangraosing manahipun para murid. Mila Gusti parIng pangandika ingkang nentremaken. Gusti Yesus ngemutaken lan nyaruwe para murid. Wosipun, Gusti Yesus mbereg para murid bab ingkang dados landhesan anggenipun sami sumadya dados kurban. Punapa bab pangajeng-ajeng dhateng kratoning Allah utawi bab sanesipun? Menawi dhasar kangge nagturaken pangurbanan punika Kratoning Allah, pangurbanan punika badhe dipun gantos matikel-tikel. Malah, linangkung saking punika, sami badhe nampi gesang ingkang langgeng (ayat 30).
Sabdanipun Gusi Yesus punika wigati kangge kita raosaken wekdal samangke. Punapa ingkang ndhasari kita atur pangurbanan? Anggen kita andum berkah dhateng sesami supados ketingal sae, dipun alem? Punapa kagem Kratoning Allah?
Gusti Yesus nyaruwe kita supados pengurbanan kita adhedhasar Kratoning Allah. Boten kangge kratoning dhiri pribadi. Kangge angsal pangalembana utawi supados ketingal minangka tiyang Kristen ingkang sae. Nalika dhasar anggen kita ngurbananken dhiri leres, inggih punika kagem Kratoning Allah, kita badhe nampi gesang langgeng. |*DAC
