Purwaning Dumadi 6:1-6; Jabur 51:1-10; 1 Timoteus 1:1-11
NGRUMAOSI DOSA
“Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula,
saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula.”
(Jabur 51:5)
Manungsa punika titah ingkang sampurna. Nanging amargi dhumawah ing dosa manungsa punika titah ingkang gampil damel dosa lan kalepatan. Tanggapan dhateng kalepatan punika ingkang mbentenaken kita setunggal lan sanesipun. Wonten tiyang ingkang purun ngakeni dosanipun. Tiyang punika enggal nyuwun pangapunten dhumateng Gusti awit dosa lan kalepatanipun. Kosok wangsulipun, wonten ugi tiyang ingkang boten gadhah sikep kados mekaten, boten sami sadhar pandamel dosanipun. Bab punika ingkang damel imanipun tansah miyar-miyur, kebak panggodha, lan boten kiyat.
Waosan wekdal samangke mujudaken pandonga lan mawas dhirinipun Prabu Dawud. Panjenenganipun saestu keduwung awit dosanipun lan nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah. Sacara mirunggan, pandonga panelangsaning dosa punika awit keduwungipun Prabu Dawud ingkang ngrebat Batsyeba, semahipun Uria.
Panelangsa lan pengapunten tansah kawiwitan kanthi pengakening dosa. Satunggaling pengakening dosa ingkang dipun dhasari raos pangraos bilih dhirinipun punika ringkih lan kebak dosa (ayat 5). Dosa pindha blenggu ingkang njiret gesanging manungsa. Wohing dosa inggih punika risakipun sesambetan kaliyan sesami lan Gusti.
Prabu Dawud sadhar saestu bilih kangge mulihaken seambetan punika, Gusti ingkang mitulungi. Prabu Dawud asring nyuwun pangapunten lan pitulungan dhateng Allah (ayat 10-12). Dawud yakin bilih Gusti badhe ngapunteni dosanipun. Sabab, Gusti punika pribadi ingkang kebak katresnan dhateng umatipun. Gusti badhe melasi umatipun lan ing sih rahmatipun, manungsa badhe kaparingan gesang anyar (ayat 3).
Nas punika minangka pitedah kangge kita ing samangke. Kita dipun timbali supados tansah ngrumaosi dosa dhumateng Allah. Sampun ngantos kita rumaos saged “nyingidaken dosa” saking Allah ingkang Maha Mirsani. Boten wonten ingkang saged sesingidan saking pamirsaning Katresnanipun Allah. Sumangga sami ngrumaosi dosa kita ing ngarsanipun Allah. |*DAC
