+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 8 September 2025 Minggu Limrah

II Para Raja 17:24-41; Jabur 101; 1 Timoteus 3:14-4:5

GESANG KANTHI MANAH RESIK

Kawula badhe migatosaken gesang ingkang tanpa cacad:

Benjing punapa Paduka badhe nedhaki kawula? Kawula badhe gesang

kanthi manah ingkang resik wonten ing griya kawula.

(Jabur 101:2)

Resik punika prekawis ingkang wigati. Kasucen boten saged manunggal kaliyan dosa. Mila rereged kedah dipun resiki, dipun birat. Punapa malih tiyang dosa boten saged sowan Gusti ingkang Maha Suci menawi boten resik manahipun.

Sang juru mazmur miwiti mazmur punika kanthi satunggaling pepujian bab kasetyanipun Gusti anggenipun netepi prasetyanipun lan kaadilanipun (ayat 1). Salajengipun, minangka satunggaling ratu, kejawi nglairaken raos kangenipun kangge gesang manut pitedah-pitedahipun Gusti ingkang sampurna (ayat 2a) lan nyuwun supados Gusti piyambak ingkang mitulungi. Pemazmur ugi purun nglampahi gesang ingkang sembada.

Gesang kanthi manah ingkang resik ing gesang padintenan punika nampik kangge tumindak awon, sengit dhateng tumindak murtad, lan nebihi saking sikep sarta pandamel ingkang boten leres. Namung kemawon, kita kedah mangertos kados pundi nanggapi kanthi leres, sae dhateng tiyang-tiyang ingkang gesangipun leres  punapa dene ingkang lepat. Mila kedah wonten kesanggeman kangge nyirnakaken kadurakan lan piawon.

Minangka tiyang Kristen, punapa kemawon jejer kita, linangkung menawi kita dados pemimpin, kita sampun samesthinipun njagi gesang ingkang sembada. Pikiran ingkang purun gesang ing kayekten lan nampik piawon, kedah mawujud ing tumindak nyata. Boten namung mandheg ing wicanten, nanging ugi mawujud ing lampahing gesang.

Gesang kanthi manah ingkang resik mbetahaken kesanggeman ingkang kedah karimat lan dipun rembakakaken ing salamining gesang. Punika mijil boten namung saking kasaenan lan pambudi dayanipun piyambak, ananging ugi saking gesang ingkang ajrih asih dhumateng Gusti. Awit saking punika, sumangga nglampahi gesang kanthi manah ingkang resik ing sih rahmatipun kagem kamulyanipun Gusti Allah. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *