Wulang Bebasan 14:12-31; Jabur 12; Para Rasul 4:1-12 WICAKSANA PUNIKA NGATOS-ATOS “Wong wicaksana iku ngati-ati lan nyingkiri piala, nanging wong gemblung nguja karepe sarta rumangsa tentrem.” (Wulang Bebasan 14:16) Kathah pejabat ingkang dipun cepeng dening Polisi amargi nindakan korupsi. Sejatosipun para pejabat punika kalebet tiyang ingkang sugih. Asring tuwuh pitakenan, “wis sugih kok korupsi?”. Angel dipun mangretosi, tiyang ingkang sampun sugih lan inggil kalenggahanipun, purun nglampahi piawon ingkang ndadosaken gesangipun rekaos. Manungsa gadhah maneka warni pepenginan, pengin kasil utawi sugih asring dhawah ing pacoben. Panggodha punapa kemawon saged dipun alami sedaya tiyang boten namung ingkang sugih nanging ugi ingkang ringkih utawi mlarat. Manungsa mbetahaken manah ingkang wicaksana. Gusti Yesus nate ngalami panggodha nalika sayah ing salebeting siyam sekawan dasa dinten (Matius 4:1–11). Iblis ngertos wekdal nalika manungsa ingkang kerapan mbetahaken tetedhan. Awit kawontenanipun ing sakiwa tengenipun boten wonten tetedhan, dados kirang ngatos-atos. Ningali wonten tetedhan lajeng dipun tedha, boten ningali punika sehat napa boten. Nanging Gusti Yesus punika wicaksana. Sinaosa kerapan nanging pirsa panggodha ingkang dipun adhepi. Gusti Yesus saged kemawon damel sela dados roti, nanging boten boten dipun tindakaken awit pirsa ancasipun anggenipun siyam. Ayat kita nedahaken bilih tiyang wicaksana tansah ngatos-atos lan nebihi piawon. Ingkang dados kawigatosan inggih punika kasunyatan bilih boten sedaya ingkang awon ketingal ing wiwitanipun. Asring punapa ingkang awon malah dados punapa ingkang saged dipun raosaken ing satengahing lingkungan ingkang aman, umpaminipun ing warganing brayat, kulawangsa utawi sedherek. Ingkang dipun pitadosi ing pitembungan, pitedah punapa pangajak kangge nindakaken prekawis ingkang boten sae saking tiyang ingkang dipun tepang, langkung gampil kangge kagodha. Awit rumaos aman wonten ing satunggaling pakempalan, tiyang gampil tumut nindakaken piawon nuruti pikajengipun. Sumangga dados tiyang ingkang wicaksana kanthi ngatos-atos lan nebihi piawon. Sampun ngantos dados tiyang gemblung ingkang mbujeng pikajengipun piyambak awit rumaos tentrem nindakaken piawon. I *DAC
Ahad, 21 September 2025 Minggu Limrah
Amos 8:4-7; Jabur 113; 1 Timoteus 2:1-7; Lukas 16:1-13 TUMEMEN ING BAB SEPELE “Sing sapa tumemen ing bab prakara kang sepele, iya tumemen ing bab prakara kang wigati. Lan sing sapa ora tumemen bab prakara kang sapele, iku iya ora tumemen ing bab prakara kang wigati.” (Lukas 16:10) Abdi ingkang nindakaken jejibahan ngantos rampung kanthi tanggel jawab temtu damel bendara bingah mirsani abdi punika. Abdi ingkang setya nindakaken pakaryan ingkang ketingal sepele menawi katindakaken kanthi sae lan kebak tanggel jawab badhe nuwuhaken bombonging manah bendara. Mangkenipun abdi punika pinitados nindakaken pakaryan ingkang langkung ageng. Kathah tiyang pengin dipun pitadosi nindakaken jejibahan utawi tanggel jawab ingkang ageng. Ananging, wonten tiyang ingkang ngremehaken jejibahan utawi tanggel jawab alit karana rumaos punika boten wigati lan migunani. Pangandikanipun Gusti dinten punika, mratelakaken “Sing sapa tumemen ing bab prakara kang sepele, iya tumemen ing bab prakara kang wigati. Lan sing sapa ora tumemen bab prakara kang sapele, iku iya ora tumemen ing bab prakara kang wigati”. Gusti boten nate nganggep remeh bab-bab alit ing gesang kita. Pangandikanipun ngemutaken kita bab wigatinipun kasetyan nindakaken tanggel jawab saking ingkang alit kanthi setya. Kasetyan ingkang temtu mbetahaken katemenan lan kasanggeman. Gusti Yesus paring piwulang dhateng para muridipun supados sami dados pandherek ingkang setya lan tanggel jawab ing prekawis alit saderengpun pinitados nindakaken prekawis ingkang langkung ageng. Punika ateges bilih sikep lan tumindak kita ing bab-bab ingkang mbok menawi dipun anggep sepele utawi boten wigati ugi ngetingalaken wewatekan lan jati dhiri kita. Menawi boten saged nindakaken bab-bab alit, angel anggenipun pinitados ing prekawis ingkang langkung ageng. Menika gegandengan kaliyan sikep, pitembungan, lan tumindak kita ing gesang padintenan. Menawi ing wekdal punika punapa ingkang Gusti pitadosaken dhateng kita punika jejibahan utawi tanggel jawab ingkang alit, kedah kita tampi kanthi saos sokur lan katindakaken kanthi prayogi lan kebak tanggel jawab. Awit, kasetyan kita ing perkawis alit nyawisaken kita kangge dipun pitados ing perkawis ingkang langkung ageng. |*DAC
Setu, 20 September 2025 Minggu Limrah
Yesaya 5:8-23; Jabur 113; Markus 12:41-44 MISUNGSUNG SAKING KEKIRANGAN “Amarga kabeh padha misungsung saka ing kaluwihane, dene randha iki nyaosake saka ing kakurangane, malah kabeh kang dadi duweke, yaiku kabeh kang minangka panguripane.” (Markus 12:44) Kathah tiyang ingkang andum berkah dhateng tiyang sanes punika amargi wonten ingkang saged dipun bagi. Punapa malih manawi gadhahanipun kathah. Saged paring pambiyantu awujud arta dhateng sedherek sanes ingkang kekirangan amargi gadhah arta ingkang linangkung. Menawi artanipun sekedhik utawi kangge kabetahan piyambak kemawon kirang, punapa saged atur pambiyantu dhateng tiyang sanes? Nalika semanten Gusti Yesus lenggah ngadhepi pethi pisungsung ing Padaleman Suci kangge migatosaken kados pundi tiyang kathah misungsungaken arta ing pethi. Kathah tiyang sugih ngaturaken pisungsung kanthi gunggung ingkang ageng. Lajeng wonten satunggaling randha mlarat nglebetaken arta kalih peser, inggih punika arta receh ingkang paling alit piyambak. Gusti Yesus boten kasengsem dhateng punapa ingkang dipun lebetaken tiyang-tiyang sugih ingkang kathah gunggungipun, ananging malah dhateng pisungsungipun randha mlarat ingkang namung kalih peser punika. Gusti lajeng nimbali para muridipun kangge migatosaken pisungsungipun randha mlarat punika. Gusti Yesus ngendika dhateng para murid bilih randha mlarat punika ngaturaken langkung kathah katimbang sedaya tiyang ingkang ngelbetaken arta ing pethi pisungsung. Alesanipun karana sedaya sami ngaturi saking kaluberanipun, nanging randha punika ngaturaken saking kakiranganipun, malah sedaya ingkang wonten, inggih punika arta ingkang dipun gadhahi. Gusti boten mirsani bab sacara lairipun kemawon, nanging mirsani manah. Sinaosa randha punika ngaturaken arta ingkang sekedhik, nanging piyambakipun misungsungaken kanthi agenging katresnan. Randha mlarat punika gesang ing kekirangan, nanging saged nyaosaken pisungsung kagem Gusti kanthi kebak panuwun sokur. Malah ngurbanaken sedayanipun kanthi kebak ing kabingahan. Mangga sinau misungsung saking manah sinaosa kakirangan. |*DAC
Jemuwah, 19 September 2025 Minggu Limrah
Yehezkiel 22:17-31;Jabur 113; Rum 8:31-39 SAOS PUJI DHUMATENG YEHUWAH “Haleluya! He para abdining Pangeran Yehuwah, padha saosa puji, padha saosa puji marang asmaning Sang Yehuwah.” (Jabur 113:1) Sacara umum manungsa punika remen nampi pangalembana. Kirang remen dhateng tiyang sanes ingkang kasil nanging malah ngasoraken sesami. Benten kaliyan Sang Juru Pemazmur ingkang langkung remen memuji Gusti minangka Pribadi ingkang maha luhur nglangkungi sedaya bangsa lan kebak ing kamulyan. Sinten kemawon ingkang ningali Gusti Allah badhe tansah rumaos alit (ayat 1-6). Gegambaran bab Gusti ingkang maha luhur lan manungsa ingkang asor boten supados para abdinipun kalimputan eram lan pamujan. Kosok wangsulipun, punika mujudaken pepenget ngengingi punapa ingkang saged katindakaken Gusti saking dhamparing kamulyanipun ingkang suci. Panjenenganipun saged kemawon ngiwahi kawontenanipun manungsa. Kagem Gusti ngangkat drajadipun tiyang mlarat lan sekeng boten prekawis ingkang angel. Gusti Allah ugi saged mbirat najising manungsa lan nggantos kanthi bombonging manah lan kabingahan. Gusti boten negakaken umat ingkang nggadhahi iman, setya ngibadah, lan tumemen nindakaken sabdanipun. Ananging tiyang mursid ugi saged gesang ing panandhang. Kathah tiyang kecalan warganing brayatipun ingkang ketingal kondhang satemah boten kondhang malih, malah kasingkiraken. Wonten ugi ingkang dados mlarat karana dados korban kaculikan bisnis, tumindak boten adil, punapa dene kapentinganing para panguwaos. Wonten ingkang kaasoraken dening sesaminipun karana kawontenan raga ingkang cacad. Juru masmur ngemutaken bilih Gusti Allah boten namung mirsani pangibadah lan kamursidan kita, nanging ugi mirsani gesang kita padintenan. Sumangga kita pitados bilih pengaken dhateng Gusti Allah ingkang Maha luhur boten namung wujuding pamuji, ananging dados pepemut bilih Panjenenganipun kuwaos ngangkat kita saking sedaya kaapesan, kasekengan, lan bilai, malah saking pepejah. Gusti Allah ngersakaken kita gesang sami dene ngaosi sesami sinaosa benten-benten kawontenanipun. Kathah prastawa ngeramaken, mila sumangga kita tansah emut bilih boten wonten ingkang mokal kagem Gusti Allah. Sami saosa puji kagem Pangeran Yehuwah. I *DAC
Kemis, 18 September 2025 Minggu Limrah
Pangentasan 23:1-9; Jabur 113; Rum 3:1-8 NEBIHI TUMINDAK CULIKA ”Sira ngedohana tindak culika; wong kang ora luput lan kang bener aja sira pateni, awitdene Ingsun ora bakal mbenerake wong kang luput.” (Pangentasan 23:7) Kawontenaning jagad ing jaman samangke punika sampun modern. Karana kamajenganipun teknologi, manungsa asring namung menggalih gesangipun piyambak. Kangge punapa kita nggatosaken tiyang sanes? Punapa malih, tiyang punika mengsah kita? Punapa ginanipun kita mitulungi tiyang mlarat lan sekeng? Langkung sae menawi kita ngginakaken tiyang-tiyang punika. Punika tata gesang ingkang boten sae. Benten kaliyan tata gesanging bangsa Israel nalika semanten. Bangsa Israel gadhah tata gesang ingkang boten sami kaliyan bangsa-bangsa sanesipun. Tiyang manca lan mlarat pikantuk kawigatosan mirunggan ing Israel. Tiyang Israel kedah mapanaken tiyang kala wau kanthi sami kaliyan dhirinipun. Tiyang-tiyang punika nggadhahi hak ingkang sami ing babagan kaadilan. Manawi mrangguli sapinipun utawi kuldinipun mengsah ingkang ketriwal, enggal-enggal dipun wangsulaken dhateng ingkang gadhah. Menawi ningali kuldinipun mengsah ambruk amargi kawratan momotan, enggal dipun tulungi, nanging ingkang gadhah kedah dipun biyantu mbongkar momotanipun kanthi eklas. Boten pareng ndhoyongaken wewenangipun tiyang mlarat ing salebeting prekawisipun. Sami nebihi tumindak culika; tiyang ingkang boten lepat lan ingkang leres boten pareng dipun pejahi, awitdene Gusti Allah boten badhe ngleresaken tiyang ingkang lepat. Umat Allah boten pareng tumut tata gesanging bangsa sanes sakiwa tengenipun bangsa Israel. Bangsa sanes punika bangsa ingkang nganiaya tiyang ringkih, kangge pados kauntungan sakageng-agengipun. Rawuhipun Gusti Allah ing satengahing umatipun kedah ngasilaken gesang ingkang benten. Gesang jaman samangke karaos awrat. Semangat individualistis (piyambakan) damel manungsa saya boten perduli dhateng sesami, punapa malih dhateng mengsahipun. Kawontenan ekonomi nggered kita kangge pados bathi pribadi kemawon. Kawontenan ingkang mekaten dados pepalang anggen kita mujudaken welas asih dhateng sesami mirunggan ingkang mlarat lan ringkih. Sumangga Kita nulad tata gesang ingkang nresnani sesami minangka titahipun Gusti lan nebihi piawon. Karahayon tumrah ing gesang kita. |*DAC
Rebo, 17 September 2025 Minggu Limrah
Ayub 40:6-14, 42:1-6; Jabur 73; Lukas 22:31-33; 54-62 GUSTI ALLAH KWAOS NINDAKAKEN SAMUKAWIS ““Kawula sapunika mangretos, bilih Paduka kwaos nindakaken samukawis, saha boten wonten karsa Paduka ingkang kenging kabadal.” (Ayub 42:2) Manungsa punika ringkih lan winates, boten gadhah punapa-punapa menawi Gusti boten maringi. Manungsa ingkang gadhah panguwaos ugi awit peparingipun Gusti. Gesanging manungsa wonten ing astanipun Gusti ingkang nitahaken manungsa. Gusti Allah kagungan rancangan endah kangge manungsa. Rancanganipun Allah dhateng Ayub mesthi kelampahan. Ayub tetep setya lan nresnani Gusti Allah. Ayub tetep ngajeng-ajeng lan ngendelaken Allah. Ayub matur : “Kawula sapunika mangretos, bilih Paduka kwaos nindakaken samukawis, saha boten wonten karsa Paduka ingkang kenging kabadal.” Gusti Allah mulihaken Ayub, lan Ayub nampeni matikel saking punapa ingkang saderengipun dipun gadhahi. Kita sinau saking gesangipun Ayub ingkang gadhah sikep andhap asor kanthi ngucap : “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”!” (Ayub 1:21). Sikep punika nelakaken sikep ngakeni Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos. Nalika manungsa gesang wonten ing donya, nampeni samukawis saking Gusti. Nalika pejah, manungsa boten mbekta punapa-punapa. Sedayanipun badhe dipun tilar ing donya. Kita sinau bilih Gusti Allah punika Maha Kuwaos nindakaken punapa kemawon dhateng sedaya titahipun sae ing kawontenan bingah punapa dene sisah. Nalika kita ing salebeting panandhang lan kecalan sedaya peparinging Allah, kados pundi sikep kita? Punapa kita sesambat, nepsu dhumateng Allah? Linangkung nalikanipun kasangsaran kita saestu awrat, kamursidan kita dhumateng Allah punapa taksih? Karana kasetyanipun Ayub dhumateng Allah ing salebeting pacoben, Ayub saged unggul ngadhepi pacoben. Gusti Allah mirsani lan kuwaos nindakaken samukawis. Bok menawi ketingalipun Gusti Allah boten adil dhateng Ayub. Ananging ing kawontenan kados mekaten Gusti Allah makarya ngawonaken sedaya pitenahipun iblis dhateng Ayub. Gusti Allah kagungan rancangan ingkang endah kangge Ayub lan kita sedaya. |*DAC
Slasa, 16 September 2025 Minggu Limrah
Yunus 3:1-10; Jabur 73; 2 Petrus 3:8-13 SAMI MRATOBAT “Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake.” (Yunus 3:10) Gusti Allah sengit lan boten remen dosanipun tiyang, nanging nresnani tiyang dosa, mirungganipun tiyang dosa ingkang purun mratobat. Mekaten ugi kawontenaning warga Niniwe. Punapa ingkang katindakaken dening warga Niniwe punika awon lan sami nindakaken kadurakan. Warga kitha Niniwe punika awon lan dados ancaman kangge bangsa sanes. Pangeran Yehuwah kagungan rancangan nyirnakaken kitha Niniwe, lajeng ngutus Nabi Yunus kangge ngundhangaken pameleh dhateng negari Niniwe. Yunus boten nuhoni dhawuh saking Pangeran Yehuwah, malah mlajar saking dhawuh timbalanipun lan kesah tumuju Tarsis. Yunus tebih saking pangayunanipun Pangeran Yehuwah, lajeng kesah dhateng Yafo nitih baita. Yunus mboten remen dhateng tiyang-tiyang Niniwe. Yunus gadhah pemanggih bilih tiyang duraka panci kedah kaukum lan kagempur negarinipun, boten perlu ngundhangaken pamratobat. Ananging rancanganipun Gusti mesthi kelampahan, wusana Yunus sadhar lan nindakaken dhawuh timbalan saking Pangeran Yehuwah. Yunus bidhal dhateng Niniwe lajeng nguwuh-uwuh : “Kurang patang puluh dina, Niniwe mesthi bakal kagempur.” Tiyang Niniwe boten nepsu, nanging pitados bilih Pangeran Yehuwah badhe nyirnakaken Niniwe menawi boten sami mratobat. Milanipun tumuli sami ngundhangaken siyam lan ngangge bagor, wiwit ingkang diwasa dumugi lare-lare. Prekawis punika kapiyarsa dening Sang Nata ing Niniwe, panjenenganipun tumuli tedhak saking dhampar, ngrucat pangagemaning kaprabon, sarta ngagem bagor tuwin banjur lenggah nglosod ing awu. Sang Prabu lan para pangageng Niniwe, lan sedaya ingkang manggen sami nindakaken siyam ngakeni dosa lan mratobat. Nalika Gusti Allah ngudaneni punapa ingkang dipun lampahi tiyang Niniwe, inggih punika anggenipun sami mratobat, Gusti Allah lajeng trenyuh lan paring pangapunten. Mila sami mratobata. |*DAC
Senen, 15 September 2025 Minggu Limrah
Amos 7:1-6; Jabur 73; 1 Timoteus 1:18-20 REMEN CELAK KALIYAN GUSTI ALLAH “Nanging kawula, kawula remen celak kaliyan Gusti Allah; Pangeran Allah ingkang kawula anggep dados pangayoman kawula, supados kawula saged nyariyosaken sakathahing pakaryanipun.” (Jabur 73:28) Celak kaliyan tiyang ingkang dipun tresnani menika prekawis ingkang ngremenaken. Nanging celak kaliyan ingkang boten dipun tresnani punika boten nyekecakaken manah. Langkung-langkung ingkang sengit dhateng kita utawi ingkang kita sengiti. Jabur 73 punika ngemot pergumulaning Asaf. Ing ngriki, Asaf mapanaken pangajeng-ajengipun dhumateng Gusti. Mekaten ugi kita minangka putranipun Gusti benten kaliyan tiyang sanes nalika ngadhepi pergumulaning gesang. Kita boten badhe dhumawah ing kawontenan boten gadhah pangajeng-ajeng kados tiyang sanes ing sakjawining Gusti. Punika ingkang dipun aturaken dening Asaf ing ayat 27 bilih tiyang-tiyang ingkang tebih saking Gusti badhe ngalami bab-bab ingkang langkung awon. Kenging punapa Gusti ngersakaken supados kita remen celak kaliyan Gusti ing satengahing pergumulaning gesang? Sepisan, Gusti tetep Allah kita. celak kaliyan Gusti badhe ndadosaken kita tansah sadhar bilih sinaosa Gusti nembe ndadar kita , Gusti tansah ngasihi kita. Kaping kalih, tiyang ingkang tebih saking Gusti pungkasanipun nemahi bilai. Punika ingkang dipun alami dening Asaf, nalika piyambakipun meh kecalan pangajeng-ajeng awit ningali tiyang sakjawining Gusti gesangipun ketingal sekeca, nanging ingkang wonten ing Gusti malah ngalami kangelan. Ananging, wonten kersanipun Gusti ingkang sae nalika kita ngalami kangelan ing gesang kita. Kita badhe nampi berkah. Gusti badhe paring pangertosan bab punika. Mila sumangga kita nyadhari bilih kita mbetahaken Gusti. Namung ing Panjenenganipun, kita badhe nampi kamulyan. Pangayoman ingkang sejati boten pinisah saking kita, inggih punika sesambetan kaliyan Gusti Allah. Sumangga tansah remen celak kaliyan Gusti. Kita badhe tansah kinasihan, kaayoman lan kapitulungan rahayu dening Gusti Allah. Kita badhe kaluberan berkah nalika celak kaliyan Gusti minangka sumbering gesang kita sedaya. |*DAC
Ahad, 14 September 2025 Minggu Limrah
Pangentasan 32:7-14; Jabur 51:1-10; 1 Timoteus 1:12-17; Lukas 15:1-10 KABINGAHAN AGENG “Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.” (Lukas 15:7) Waosan dinten punika, kelampahan nalika Gusti Yesus nanggapi sikepipun sawetawis tiyang Farisi lan ahli Toret ingkang sami sambat bilih Yesus memitran kaliyan tiyang dosa lan dhahar sesarengan. Gusti Yesus lajeng maringi tigang pasemon, inggih punika menda ingkang ical, arta dirham ingkang ical, lan anak ingkang ical. Ing pasemon menda ingkang ical, sang pangen nilar sangang dasa sanga menda ingkang boten ical lan madosi kanthi saestu satunggal menda ingkang ical satemah manggihaken. Sasampunipun manggihaken menda ingkang ical, sang pangen punika ngulemi para mitranipun kangge bingah-bingah, awit menda ingkang ical sampun kapanggihaken. Nalika semanten, Gusti Yesus mungkasi pasemon kanthi ngendika,”Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.” Pangandika punika nedahaken bilih nalika tiyang dosa mratobat lan wangsul dhateng Allah, kabingahan ing swarga linangkung ageng katimbang kabingahaning tiyang ingkang boten mbetahaken pamratobat. Ing pasemonipun, Gusti Yesus ngendika bilih saben tiyang dosa ingkang mratobat lanwangsul dhateng Allah saestu aos ing pamirsanipun Allah. Kanthi kabingahan Gusti nampi ingkang sami mratobat lan wangsul dhateng Gusti Allah. Pratelan punika ugi nedahaken wigatinipun katresnan lan kawelasipun Gusti Allah dhateng manungsa dosa ingkang mratobat, sarta wigatinipun kabingahan ing swarga awit pamratobatipun manungsa. Kanthi mekaten, kabingahan ing swarga langkung ageng awit satunggal tiyang dosa ingkang mratobat katimbang sangang dasa sanga ingkang leres ingkang boten mbetahaken pamratobat. Punika nelakaken bilih Gusti Allah ngasihi tiyang dosa ingkang mratobat lan wangsul dhateng Gusti. |*DAC
Setu, 13 September 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 8:20-9:7; Jabur 51:1-10; Yokanan 10:11-21 PANGEN INGKANG UTAMI “Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohake nyawane kanggo wedhus-wedhuse,” (Yokanan 10:11) Pangen gadhah jejibahan angen menda. Gusti Yesus punika pangen ingkang utami. Kangge nebus dosa kita, Guati Allah dados manungsa lan seda ing kajeng salib. Gusti Yesus nanggel dosa kita satemah kita saged sowan ing ngarsanipun Gusti lan nunggil kaliyan Panjenenganipun. Punika katresnan lan kawilujenganing Gusti ingkang tanpa pamrih kangge kita. Gusti Yesus ngendika : “Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohake nyawane kanggo wedhus-wedhuse.” (ayat 11) Pangandikanipun Gusti Yesus punika, menawi kita raos-raosaken saestu saged damel trenyuh ing manah kata. Saking sabda pangandikanipun Gusti kita ningali katresnan lan pangurbananipun Gusti Yesus kangge kita. Ing jamanipun Angger-anggering Toret, umat manungsa saben dinten langkung karisak dening Iblis, lan dosaning manungsa langkung kathah. Angger-anggering Toret boten saged ngendhaleni tumindaking manungsa. Manungsa badhe ngadhepi bebaya lan kaukum pejah dening angger-anggering Toret karana manungsa boten nggadhahi kurban pambirating dosa ingkang cekap. Sedaya ndedonga kanthi saestu lan sesambat dhumateng Gusti Allah. Kangge milujengaken umat manungsa, Gusti Allah dados manungsa ing Gusti Yesus. Panjenenganipun rila masrahaken nyawanipun lan dipun salib kangge umat manungsa, Sang Kristus dados kurban pambirating dosaning manungsa lan nanggel dosaning manungsa. Wiwit nalika Gusti Yesus minangka Pangen ingkang utami, ingkang sampun ngurbanaken dhiri, manungsa boten malih misungsungaken kurban nalika tumindak dosa, sauger sami mratobat lan pitados dhumateng Gusti. Manungsa saged ngraosaken berkah, saged sowan dhumateng Gusti lan nampi sih rahmat peparingipun Gusti. Tanpa penebusaning Gusti Yesus, manungsa punika selamaning gesang wonten ing dosa. Mila kita tansah ngaturaken panuwun sokur awit gadhah Pangen ingkang utami, ingkang saestu ageng katresnanipun dhateng kita minangka menha-mendanipun Gusti. I *DAC
