Amos 8:4-7; Jabur 113; 1 Timoteus 2:1-7; Lukas 16:1-13
TUMEMEN ING BAB SEPELE
“Sing sapa tumemen ing bab prakara kang sepele, iya tumemen
ing bab prakara kang wigati. Lan sing sapa ora tumemen bab prakara
kang sapele, iku iya ora tumemen ing bab prakara kang wigati.”
(Lukas 16:10)
Abdi ingkang nindakaken jejibahan ngantos rampung kanthi tanggel jawab temtu damel bendara bingah mirsani abdi punika. Abdi ingkang setya nindakaken pakaryan ingkang ketingal sepele menawi katindakaken kanthi sae lan kebak tanggel jawab badhe nuwuhaken bombonging manah bendara. Mangkenipun abdi punika pinitados nindakaken pakaryan ingkang langkung ageng.
Kathah tiyang pengin dipun pitadosi nindakaken jejibahan utawi tanggel jawab ingkang ageng. Ananging, wonten tiyang ingkang ngremehaken jejibahan utawi tanggel jawab alit karana rumaos punika boten wigati lan migunani. Pangandikanipun Gusti dinten punika, mratelakaken “Sing sapa tumemen ing bab prakara kang sepele, iya tumemen ing bab prakara kang wigati. Lan sing sapa ora tumemen bab prakara kang sapele, iku iya ora tumemen ing bab prakara kang wigati”. Gusti boten nate nganggep remeh bab-bab alit ing gesang kita. Pangandikanipun ngemutaken kita bab wigatinipun kasetyan nindakaken tanggel jawab saking ingkang alit kanthi setya. Kasetyan ingkang temtu mbetahaken katemenan lan kasanggeman.
Gusti Yesus paring piwulang dhateng para muridipun supados sami dados pandherek ingkang setya lan tanggel jawab ing prekawis alit saderengpun pinitados nindakaken prekawis ingkang langkung ageng. Punika ateges bilih sikep lan tumindak kita ing bab-bab ingkang mbok menawi dipun anggep sepele utawi boten wigati ugi ngetingalaken wewatekan lan jati dhiri kita.
Menawi boten saged nindakaken bab-bab alit, angel anggenipun pinitados ing prekawis ingkang langkung ageng. Menika gegandengan kaliyan sikep, pitembungan, lan tumindak kita ing gesang padintenan. Menawi ing wekdal punika punapa ingkang Gusti pitadosaken dhateng kita punika jejibahan utawi tanggel jawab ingkang alit, kedah kita tampi kanthi saos sokur lan katindakaken kanthi prayogi lan kebak tanggel jawab. Awit, kasetyan kita ing perkawis alit nyawisaken kita kangge dipun pitados ing perkawis ingkang langkung ageng. |*DAC
