+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 17 September 2025 Minggu Limrah

Ayub 40:6-14, 42:1-6; Jabur 73; Lukas 22:31-33; 54-62

GUSTI ALLAH KWAOS NINDAKAKEN SAMUKAWIS

““Kawula sapunika mangretos, bilih Paduka kwaos nindakaken samukawis,

saha boten wonten karsa Paduka ingkang kenging kabadal.

(Ayub 42:2)

Manungsa punika ringkih lan winates, boten gadhah punapa-punapa menawi Gusti boten maringi. Manungsa ingkang gadhah panguwaos ugi awit peparingipun Gusti. Gesanging manungsa wonten ing astanipun Gusti ingkang nitahaken manungsa. Gusti Allah kagungan rancangan endah kangge manungsa.

Rancanganipun Allah dhateng Ayub mesthi kelampahan. Ayub tetep setya lan nresnani Gusti Allah. Ayub tetep ngajeng-ajeng lan ngendelaken Allah. Ayub matur : “Kawula sapunika mangretos, bilih Paduka kwaos nindakaken samukawis, saha boten wonten karsa Paduka ingkang kenging kabadal.” Gusti Allah mulihaken Ayub, lan Ayub nampeni matikel saking punapa ingkang saderengipun dipun gadhahi.

Kita sinau saking gesangipun Ayub ingkang gadhah sikep andhap asor kanthi ngucap : “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”!” (Ayub 1:21). Sikep punika nelakaken sikep ngakeni Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos.

Nalika manungsa gesang wonten ing donya, nampeni samukawis saking Gusti. Nalika pejah, manungsa boten mbekta punapa-punapa. Sedayanipun badhe dipun tilar ing donya. Kita sinau bilih Gusti Allah punika Maha Kuwaos nindakaken punapa kemawon dhateng sedaya titahipun sae ing kawontenan bingah punapa dene sisah.

Nalika kita ing salebeting panandhang lan kecalan sedaya peparinging Allah, kados pundi sikep kita? Punapa kita sesambat,  nepsu dhumateng Allah? Linangkung nalikanipun kasangsaran kita saestu awrat, kamursidan kita dhumateng Allah punapa taksih? Karana kasetyanipun Ayub dhumateng Allah ing salebeting pacoben, Ayub saged unggul ngadhepi pacoben. Gusti Allah mirsani lan kuwaos nindakaken samukawis. Bok menawi ketingalipun Gusti Allah boten adil dhateng Ayub. Ananging ing kawontenan kados mekaten Gusti Allah makarya ngawonaken sedaya pitenahipun iblis dhateng Ayub. Gusti Allah kagungan rancangan ingkang endah kangge Ayub lan kita sedaya. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *