+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 18 September 2025 Minggu Limrah

Pangentasan 23:1-9; Jabur 113; Rum 3:1-8

NEBIHI TUMINDAK CULIKA

”Sira ngedohana tindak culika; wong kang ora luput lan kang bener

aja sira pateni, awitdene Ingsun ora bakal mbenerake wong kang luput.”

(Pangentasan 23:7)

Kawontenaning jagad ing jaman samangke punika sampun modern. Karana kamajenganipun teknologi, manungsa asring namung menggalih gesangipun piyambak. Kangge punapa kita nggatosaken tiyang sanes? Punapa malih, tiyang punika mengsah kita? Punapa ginanipun kita mitulungi tiyang mlarat lan sekeng? Langkung sae menawi kita ngginakaken tiyang-tiyang punika. Punika tata gesang ingkang boten sae. Benten kaliyan tata gesanging bangsa Israel nalika semanten. Bangsa Israel gadhah tata gesang ingkang boten sami kaliyan bangsa-bangsa sanesipun.

Tiyang manca lan mlarat pikantuk kawigatosan mirunggan ing Israel. Tiyang Israel kedah mapanaken tiyang kala wau kanthi sami kaliyan dhirinipun. Tiyang-tiyang punika nggadhahi hak ingkang sami ing babagan kaadilan. Manawi mrangguli sapinipun utawi kuldinipun mengsah ingkang ketriwal, enggal-enggal dipun wangsulaken dhateng ingkang gadhah. Menawi ningali kuldinipun mengsah ambruk amargi kawratan momotan, enggal dipun tulungi, nanging ingkang gadhah kedah dipun biyantu mbongkar momotanipun kanthi eklas. Boten pareng ndhoyongaken wewenangipun tiyang mlarat ing salebeting prekawisipun. Sami nebihi tumindak culika; tiyang ingkang boten lepat lan ingkang leres boten pareng dipun pejahi, awitdene Gusti Allah boten badhe ngleresaken tiyang ingkang lepat.

Umat Allah boten pareng tumut tata gesanging bangsa sanes sakiwa tengenipun bangsa Israel. Bangsa sanes punika bangsa ingkang nganiaya tiyang ringkih, kangge pados kauntungan sakageng-agengipun. Rawuhipun Gusti Allah ing satengahing umatipun kedah ngasilaken gesang ingkang benten.

Gesang jaman samangke karaos awrat. Semangat individualistis (piyambakan) damel manungsa saya boten perduli dhateng sesami, punapa malih dhateng mengsahipun. Kawontenan ekonomi nggered kita kangge pados bathi pribadi kemawon. Kawontenan ingkang mekaten dados pepalang anggen kita mujudaken welas asih dhateng sesami mirunggan ingkang mlarat lan ringkih. Sumangga Kita nulad tata gesang ingkang nresnani sesami minangka titahipun Gusti lan nebihi piawon. Karahayon tumrah ing gesang kita. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *