+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 9 September 2025 Minggu Limrah

II Para Raja 18:9-18; Jabur 101; 1 Timoteus 4:6-16

DADOS TULADHA

 “Aja nganti ana wong kang nyepelekake kowe, marga kowe isih enom.

Kowe dadia tuladha tumrap para wong kang pracaya ing bab tembung-tembungmu, tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmu

tuwin ing bab kasucenmu.” (1 Timoteus 4:11)

Sacara umum dados tuladha punika katujokaken dhateng tiyang sepuh, pamulang, pangarsaning agami lan masyarakat. Tiyang-tiyang punika dados tuladha awit kaanggep sampun sinau saking pengalaman ingkang langkung rumiyin, langkung dangu. Saben kabudayan gadhah pangajeng-ajeng ingkang ageng bilih para tiyang sepuh, para pamulang, para pangarsaning agami lan masyarakat ingkang sampun samesthinipun ngetingalaken patuladhan ing tembung lan tumindak. Temtu pangajeng-ajeng kasebat dados dhawuh timbalan ingkang wajib dipun upadi kanthi sawetahing nalar-budi lan kekiyatan. Tanpa patuladhan ingkang sae, gesanging tiyang sepuh, para pamulang, para pangarsaning agami lan masyarakat badhe dados pambengan.

Nanging patuladhan ugi wajib dipun tindakaken dening kaneman. Rasul Paulus paring pitedah supados Timoteus dados tuladha kangge para tiyang pitados ing bab pitembungan, tumindak, katresnan, kasetyan tuwin ing bab kasucen. Gangsal bab patuladhan ing pitembungan, tumindak, katresnan, kasetyan lan kasucen ingkang umumipun dipun paringaken dhateng kasepuhan (tiyang sepuh, para pamulang, para pangarsaning agami lan masyarakat, ugi dipun paringaken dhateng tiyang-tiyang anem. Punapa kasunyatanipun para kaneman katimbalan dados tuladha ing bab pitembungan, tumindak, katresnan, kasetyan tuwin ing bab kasucen?

Punapa patuladhan punika mesthi kagayuh lumantar pambudi daya ingkang dangu, pengalaman lan pasinaon ingkang asring damel sakit? Kosok wangsulipun kawontenan tiyang-tiyang anem umumipun taksih ringkih, dereng manggihi jati dhirinipun, pengalamanipun dereng kathah, gampil dipun kuwaosi dening kanepson, lan emosi ingkang dereng saged dipun kendhaleni. Punapa saged tiyang-tiyang anem katimbalan dados tuladha? Taksih anem boten dados pepalang anggenipun Timoteus nindakaken dhawuh timbalan saking Gusti. Mekaten ugi para lare anem saged kemawon dados tuladha menawi purun sinau lan tansah mbudi daya. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *