Kohelet 9:13-18; Jabur 25:11-20; Mateus 25:31-46
PUTRANING MANUNGSA INGKANG MULYA
““Besuk manawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyane lan sakabehing padha ndherekake, Panjenengane banjur lenggah ing dhampar kamulyan.” (Mateus 25:31)
Temtu kula lan panjenengan nate mireng Gusti Yesus ugi dipun sebut “Putraning Manungsa”. Sebutan punika asalnipun saking wangsit wonten ing Dhaniel 7: 13-14, “… bengi iku aku terus … ndeleng; banjur … rawuh … saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, …” ingkang dipun sebat “kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong … padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, …”. Gusti Yesus punika ingkang dipun sebat nampi panguwaos, kamulyan lan karajan.
Waosan wonten ing perikop dinten punika minangka panutup saking piwucalipun Gusti Yesus ngeningi pungkasaning jaman (Bab 24 ayat 1 dumugi 51 dipun lajengaken bab 25 ayat 1 dumugi 46). Gusti Yesus saweg ngendikakaken ngengingi pangadilan ingkang pungkasan dening Putraning Manungsa. Tiyang Yahudi sampun sami sumerep ngeningi Sang Mesih lan mesthi langsung paham kaliyan punapa ingkang dipun serat wonten ing ayat 31 punika saking Dhaniel ngengingi Putraning Manungsa wonten ing kamulyanipun. Ketingalipun Gusti Yesus pancen saweg nandhesaken bab rawuhipun punika “ngagem kamulyane” (ay. 31a). Karawuhanipun Putraning Manungsa punika dipun tengeri bilih “sakabehing padha ndherekake” lan “lenggah ing dhampar kamulyan.” Gusti Yesus sampun ngginakaken Asma Putraning Manungsa wonten ing Injil Mateus (mboten sedaya). Panjenenganipun ngginakaken sebutan punika kangge nedahaken bilih Panjenenganipun badhe lumebet ing kamulyanipun sak sampunipun rawuh malih. Panjenenganipun dados Hakim lan Raja minangka pratandha bilih kratoning swarga sampun kawiwitan.
Nalika kula lan panjenengan sami ngangen-angen ngengingi bab sang ratu temtu sami menggalih ngengingi tiyang ingkang kagungan kuwaos, dipun ladosi, adil, dipun kurmati, lsp.. Temtu benten kaliyan Sang Kristus ingkang dados Sang Ratu ingkang Mahakuwaos lan adil. Mila sumangga sampun ngantos semplah, mangu-mangu punapa malih sami kuwatos, awit Gusti Yesus ingkang adil punika mesthi adil ugi nalika maringi berkah-berkah lan pangrimatipun. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
