+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 15 Juli 2025 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 19:1-17; Jabur 25:11-20; I Yokanan 3:11-17

PAKARYANIPUN SANG KRISTUS

“Mungguh katresnane Sang Kristus iku wus kita sumurupi, yaiku: manawa Panjenengane wus masrahake nyawane kanggo kita, ….” (1 Yokanan 3:16)

Pakaryanipun Sang Kristus kangge milujengaken manungsa punika katindakaken ing salebeting kaasoranipun. Pakaryanipun Gusti Yesus Kristus ingkang milujengaken punika sambet rapet kaliyan dhumawahipun manungsa dhateng ing dosa. Gusti Yesus Rawuh dhateng donya kangge nebus dosaning manungsa. Dhawahipun manungsa dhateng dosa mboten lajeng ndamel Gusti Allah mendhel kemawon.

Bab 3 saking serat Yokanan ingkang sepisanan punika nandhesaken bab katresnan. Awit saking katresnanipun Gusti Allah, Panjenenganipun mboten namung nyebat kula lan panjenengan minangka para putra-putrannipun, ananing malah ndadosaken kula lan panjenengan para putra-putranipun. Yokanan ugi nedahaken kadospundi dosa, kalebet bab sesengitan, punika sanes asil sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti Allah. Tiyang pitados benten kaliyan sanesipun, awit prayoginipun nindakaken langkung saking “ngraosaken” katresnan, ananing kedah nindakaken ugi. 1 Yokanan 3:11-17 nedahaken bilih sesengitan kaliyan katresnan punika kalih perkawis ingkang benten, lan kadospundi katresnan punika kedah dipun wujudaken wonten ing panggesangan tiyang Kristen. Tiyang Kristen prayoginipun saged nindakaken katresnan ingkang langkung saking ngraosaken katresnan lan mboten pamrih. Gusti Yesus punika tuladha ingkang utami ngengingi kadospundi kula lan panjenengan sami nglampahi panggesangan punika. Gusti Yesus maringi patuladhan ingkang paling sae ngengingi katresnan punika kanthi masrahaken nyawanipun kangge nebus dosanipun manungsa.

Para tiyang pitados prayoginipun sami ngucap sokur karana Gusti Allah sampun preduli lan maringi ingkang paling sae tumrap kawilujenganipun manungsang ingkang namung saged dipun tampi lumantar pangorbananiipun Gusti Yesus Kristus kangge mulihaken sesambetan antawisipun Gusti Allah lan manungsa. Sumangga sami ngakeni lan pitados bilih sedaya pakaryanipun Gusti Allah wonten ing Gusti Yesus punika mesthi paling sae tumrap kula lan panjenengan sedaya. Gusti mberkahi Amin.|*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *