Ayub 24:1-8; Jabur 25:11-20; Yakobus 2:1-7
GUSTI YESUS PUNIKA GUSTI ALLAH
“… wong kang pracaya marang Gusti Yesus Kristus,
Gusti kita kang Mahamulya, …” (Yakobus 2:1)
Gusti Yesus pancen mboten kanthi cetha nelakaken wonten ing Kitab Suci bilih “Panjenenganipun punika Gusti Allah”. Ananing punika mboten lajeng ateges bilih Gusti Yesus boten nelakaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Contonipun wonten Yokanan 10:30, “Aku lan Sang Rama iku siji”. Kados-kados Gusti Yesus mboten ngakeni bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Satunggaling muridipun Gusti inggih punika Tomas matur, “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!” lan Gusti Yesus mboten nampik perkawis punika. Mila cetha bilih saestunipun Gusti Yesus punika Gusti Allah piyambak ingkang pantes dipun sembah.
Wonten ing bab sakderengipun, Yakobus nyerat supados para tiyang pitados ingkang maos seratipun sami saestu pitados dhumateng Gusti Allah. Nas dinten punika nandhesaken ngengingi tiyang pitados ingkang sajati punika tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus, awit Panjenenganpun Gusti kita ingkang Mahamulya. Perkawis punika nelakaken bilih Gusti ingkang Mahamulya punika saged nyawisaken sedaya ingkang kula lan panjenengan betahaken saben dinten salami-laminipun. Bilih kula lan panjenengang pitados Gusti Yesus punika Gusti Allah ingkang Mahamulya, lajeng kenging punapa kedah mangu-mangu lan mentingaken dhiri pribadi?. Mesti wonten pangajeng-ajeng. Nas dinten punika badhe maringi pepenget bilih sampun ngantos tumindak minangka tiyang Kristen mboten cundhuk kaliyan kapitadosan dhumateng Gusti Yesus. Wonten ing tutuk nelakaken pitados dhumateng Gusti Yesus ingkang Mahamulya Ingkang saged maringi sedayanipun ananing panggesanganipun taksih mangu-mangu lan mentingakne dhiri pribadi, punika sikep ingkang saestunipun mboten pantes dipun gadhahi dening tiyang pitados.
Lajeng kadospundi kula lan panjenengan samangke, punapa taksih mentingaken dhiri pribadi, kamangka pitados dhumateng Gusti Yesus ingkang Mahamulya? Sumangga nuladha tindak gesangipun Sang Kristus. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
