+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 13 Juli 2025 Minggu Limrah

Pangandharing Toret 30:9-14; Jabur 25:1-10; Kolose 1:1-14; Lukas 10:25-37

GUSTI YESUS SANG GURU

Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi,

amrih kula angsal gesang langgeng?(Lukas 10:25)

Wonten ing Kitab Suci, Gusti Yesus asring dipun sebat Guru (Rabbi). Wonten ing Yokanan 13: 13 malah dipun tandhesaken bilih Panjenenganipun punika Guru lan Gusti. “Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wus bener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti.” Amargi Panjenenganipun punika Guru lan Gusti, mila minangka para muridipun ugi kedah nuladha Panjenenganipun. Tegesipun inggih punika, sedaya pamikiran, sikep dan gesang padintenan namung nuladha saking Gusti Yesus kemawon.

Satunggaling kasunyatan ingkang kedadosan miturut nas dinten punika inggih punika pranyata ahli Toret matur “Guru” kanthi kebak pakurmatan, senadyan dipun serat “… ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus…”. Lan Gusti Yesus ugi paring wangsulan kanthi pitakenan ugi. Malah Gusti Yesus ugi sarujuk kaliyan wangsulanipun ahli toret punika. Punapa ingkang dipun serat “… ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus…” ketingalipun mboten dipun anggep dados pacoben saking ahli Toret dening Gusti Yesus. Gusti Yesus minangka guru ingkang dipun sebat ahli toret dados satunggaling bukti bilih Gusti Yesus benten kaliyan guru-guru Yahudi sanesipun. Benten karana piwucalipun punika sinartan kaliyan kuwaosipun. Lan benten ugi karana Gusti Yesus punika dipun utus saking Sang Rama.

Gusti Yesus punika punapa guruning kawilujengan? Bok bilih kula lan panjenengan nate mireng tembung punika. Ananing pranyata benten tegesipun. Kula lan panjenengan pancen asring ngangsu kawruh saking Gusti Yesus lumantar sedaya piwucalipun wonten ing Kitab Suci lan Injil, contonipun kados angger-anggering katresnan, bab ndedonga lsp. Kula lan panjenengan rumaos remen sanget lan nampi panglipuran nalika sinau bab punika. Gusti Yesus punika sanes guruning kawilujengan ingkang namung mucal bab kawilujengan, lan namung nedahaken margi supados saged wilujeng. Gusti Yesus punika Sang Juruwilujeng piyambak. Panjenenganipun ingkang maringi kawilujengan. Sumangga, nalika ngakeni Gusti Yesus punika Sang Juruwiljeng, kanthi iman lan kapitadosan bilih Panjenenganipun saged maringi sih-rahmat kawilujengan ingkang langgeng lumantar pangorbananipun. Gusti mberkahi. Amin.|*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *