Kaimaman 19:1-4, 32-37; Jabur 25:1-10; Yokanan 3:16-21
GUSTI YESUS SANG JURU WILUJENG
“Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku …
supaya mitulungi rahayu marang jagad.” (Yokanan 3:17)
Kula lan panjenengan minangka titahipun Gusti Allah temtu sampun mangertos bilih manungsa katitahaken miturut gambar lan citranipun Gusti Allah, ingkang tegesipun: manungsa katimbalan neksekaken utawi ambabaraken wonten ing panggesanganipun ing saben dinten “caranipun Gusti Allah gesang”. Nanging manungsa mboten saged netepi timbalan wau, malah mbalila, madeg allah piyambak. Amargi saking punika bumi dalah saisinipun kenging ing ipat-ipatipun Gusti Allah. Panggesanganipun manungsa sangsaya dangu sangasaya tebih saking Gusti Allah. Mila manungsa mboten saged milujengaken badanipun piyambak.
Nas dinten punika nelakakan punapa tujuanipun Gusti Yesus Kristus rawuh ing donya punika. Inggih punika maringi kawilujengan dhateng manungsa. Punika wujud katresnanipun Gusti Allah dhateng manungsa. Bok bilih kathah tiyang ingkang sami nganggep bilih Gusti Allah punika minangka Gusti ingkang siyap maringi paukuman awit manungsa punika titah ingkang mbalila dhumateng Gusti Allah. Nalika nas punika dipun raos-raosaken temtu dados pawartos ingkang nengsemaken manah. Mugi-mugi sangsaya kathah tiyang pitados ingkang nampi sabdanipun Gusti Allah kanthi saestu lan pitados kaliyan punapa ingkang dipun ngendikakaken Gusti Yesus lan mesthi sampun kathah tiyang ingkang saged nglampahi panggesanganipun kanthi kebak ing kabingahan. “Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad.” Nas dinten punika nerasaken salah satunggaling ayat ingkang kondhang wonten ing Kitab Suci. “Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.”
Sahadat klih welas perangan kaping 2-7 punika ngemot pengaken bab Gusti Yesus lan pakaryanipun. Inggih punika pakaryanipun ingkang kangge milujengaken para tiyang ingkang pitados. Sumangga, minangka tiyang ingkang sampun nampi kawilujengan kula lan panjenengan sami nglampahi gesang kanthi kebak kabingahan lan raos sokur. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
