Purwaning Dumadi 41:37-49; Jabur 25:1-10; Lelakone Para Rasul 7:9-16
SIH RAHMAT PANGANTHINIPUN GUSTI ALLAH
“… Apa iya kita bisa nemu wong kang kadunungan Rohing Allah kaya iki?”
(Purwaning Dumadi 41:38)
Perangan kaping 8 ngantos dumugi 12 ing Sahadat Kalih Welas nelakaken pengaken ingkang ngengingi Sang Roh Suci lan pakaryanipun. Dene Pakaryanipun Sang Roh Suci inggih punika matrapaken wohing pakaryanipun Sang Kristus dhateng para tiyang ingkang pitados, ngantos para tiyang wau saestu saged sami ngraosaken kawilujengan. Mirungganipun perangan kaping 8 saking sahadat wau mungel: Kawula pitados dhateng Sang Roh Suci.
Wonten ing Prajanjian Lami tembung ingkang kangge nyebut roh punika ruah. Kados punapa ingkang dipun serat ing nas dinten punika, “Rohing Allah” ugi ginakaken tembung ruah. Wantahipun tembung ruah ateges: ebahing hawa, mila ruah inggih ugi ateges: angin, prahara. Ing sarehning manawi tiyang ambegan mahanani hawa ingkang wonten ing ngajengipun kedher, ebah-ebah, mila tembung ruah ugi ateges: napas. Mboten saged dipun selaki bilih ambegan murugaken tiyang gesang. Amargi saking punika tembung ruah, ingkang ateges napas wau, lajeng dipun tegesi: ingkang anggesangi, dhasaring gesang, nyawa, malah ugi manah. Kados mekaten riwayatipun tembung ruah, ingkang gadhah teges rupi-rupi: hawa, angin, nyawa, manah, lan taksih wonten sanesipun malih. Mila nalika Yusuf dipun sebat “… kadunungan Rohing Allah …” nelakaken bilih ingkang nyagedaken Yusuf punika namun Gusti Allah kemawon, sanes karana pangertosanipun Yusuf pribadi. Punapa ingkang kedadosan punika satemah ndamel Sang Prabu Pringon gumun, lan malah mbuktekaken bilih Gusti Allah mesthi nganthi panggesangan umatipun lumantar cara ingkang mboten miturut pangertosan manungsa. Punika wujud katresnanipun Gusti Allah.
Kawula pitados dhateng Sang Roh Suci. Punika pangaken pitados kula lan panjenengan. Sang Roh Suci punika temtu Allah piyambak ingkang nganthi panggesangan kula lan panjenengan senadyan wonten ing lelampahan gesang punika kathah perkawis ingkang nggegirisi. Ananing linandhesan pengaken pitados punika kula lan panjenengan kedah tetep pitados bilih Gusti Allah punika mesthi kagungan rancangan ingkang paling sae. Sumangga, nalika ngikraraken Pengaken Pitados Rasuli punika kanthi saestu yakin bilih Gusti Allah mesthi nganthi kanthi kasaenanipun. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
