+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 10 Juli 2025 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 41:14-36; Jabur 25:1-10; Yakobus 2:14-26

ALLAH SANG RAMA, MAHAKAWASA LAN SETYA

“Paduka mugi enget dhateng ing sih-palimirma sarta kadarman Paduka,

awit punika sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila.”

 (Jabur 25: 5-6)

“Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa, Ingkang nitahaken langit lan bumi”. Mekaten isinipun pengaken pitados rasuli. Adhedhasar punapa ingkang sampun dipun raos-raosaken sak derengipun, tiyang Kristen punika ngakeni bilih Gusti Allah ingkang jumeneng Ramanipun, Ingkang Mahakawasa, Ingkang nitahaken langit lan bumi, mesthi ngrimati gesangipun, sacara jasmani lan ugi sacara rohani.

Nas dinten punika nandhesaken tigang perkawis:

  1. Gusti Allah Sang Rama boten negakaken umat kagunganipun. Gusti Allah punika tresna dhateng kula lan panjenengan. Panjenenganipun ingkang mbopong kula lan panjenengan nalika wonten ing kasisahan
  2. Namung Gusti Allah ingkang Mahakawasa kemawon ingkang saged maringi karahayon lan kawilujengan. Mboten wonten sanesipun ingkang saged maringi sih rahmat ingkang ageng sanget tumrap manungsa sak sanesipun Gusti Allah, awit punapa ingkang wonten ing donya punika namung nglaha.
  3. Paduka mugi enget dhateng ing sih-palimirma sarta kadarman Paduka, …” Punika nelakaken kadospundi Gusti Allah tetep setya minangka Sang Khalik ingkang nresnani sedaya titahipun. Lan dipun tandhesaken, “… sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila.” Cetha bilih pangruktinipun Gusti Allah punika boten nate pedhot wiwit purwaning jagad, samangke lan salami-laminipun.

Pengaken ingkang kados mekaten punika tumraping para pitados dados satunggaling panglipur. Awit punika nelakaken kadospundi Gusti Allah sampun mbelani umatipun. Mila kula lan panjenengan sampun ngantos sami was-was, mangu-mangu tumraping kasetyanipun Gusti Allah. Nalika ngucapaken pengaken pitados rasuli punika katindakaken kanthi raos sokur lan pitados bilih Gusti Allah punika ingkang nresnani kula lan panjenengan. Gusti mberkahi. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *