Yesaya 32:11-17; Jabur 104:24-34, 35b; Galati 5:16-25
KABENERAN NUWUHAKEN KATENTREMAN
”Ing ngendi ana kabeneran ing kono bakal ana tentrem rahayu,
mangka wahananing kabeneran iku kaayeman lan katentreman
kanggo ing salawas-lawase”
(Yesaya 32:17)
Ing jagad punika wonten ingkang kawastanan lembaga penegak hukum, inggih punika satunggaling kalenggahan ingkang ngudi adeging hukum ing satunggaling nagari. Kenging punapa kedah wonten polisi, jaksa, hakim, lan sanes-sanesipun? Awit sadangungipun manungsa gesang, kadurakan lan piawon punika mesthi kita panggihi. Gesangipun manungsa ingkang nerak ing pranataning nagari kedah dipun adili dening lembaga penegak hukum. Kadospundi kawontenanipun satunggaling nagari menawi penegak hukum, utawi lembaga penegak hukum boten nyambut damel kanthi saestu? Temtu kemawon, kawontenaning nagari lajeng kisruh awit tiyang sami tumindak miturut pikajengipun piyambak lan boten preduli menawi tumindakipun punika natoni tiyang sanes.
Mila leres menawi ing pundi wonten kabeneran, ing mriku badhe tuwuh katentreman. Yesaya ngandharaken kawontenaning bangsa Israel ingkang pungkasanipun dados kitha mati tanpa daya nalika tumindak nebih saking Pangeran Yehuwah lan nerak pranatan ingkang sampun katetepaken. Israel badhe ngraosaken bilih pranatan punika prelu sanget kangge ndhatengaken gesang ing salebeting katentreman. Awit saking punika, Israel kedah nglampahi pangawulan supados saged nglenggana dumateng kalepatanipun lan sinau supados saged nata gesang kanthi langkung sae malih.
Prekawis ingkang kedahipun sami kita ugemi nalika kita nglampahi gesang ing satengahing pasrawungan. Kabeneran mesthi badhe nuwuhaken kawontenan ingkang ayem lan tentrem. Cobi kita bayangaken, menawi kita gesang ing satengahing pasrawungan ingkang lamis, ingkang nyatru, lan tanpa urmat-ingurmatan. Mila, punika dados timbalan kita minangka tiyang pitados supados gesang ing salebeting kabeneran, supados gesang kita tansah ayem lan tentrem. |*WAS
