+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 4 Juni 2025 Minggu Paskah VII

Yehezkiel 3:12-21; Jabur 29;  Lukas 9:18-27

SAPA ARAN-KU?

Yésus nuli ndangu marang para sakabat, “Lah yèn kowé, Aku iki kokarani sapa?” Atur wangsulané Pétrus, “Mésias ingkang saking Allah.”

(Lukas 9:20)

Paraban ingkang kita tampi nelakkaken raketing sesambetan kita kaliyan tiyang sanes. Tuladhanipun, paraban “dik/mbak” punika nelakaken wontenipun sesambetan pasedherekan utawi ngajeni ingkang dipun ajak wawan rembag. Paraban “sayang” punika nelakaken sesambetan ingkang langkung raket malih, kadosdene tiyang sesemahan utawi pepacangan. Karaos nyeleneh menawi tiyang ingkang dereng wanuh utawi nembe tepang, paring paraban “sayang” dateng kita. Mekaten ugi, paraban ingkang awon inggih nggambaraken wontenipun sesambetan ingkang awon ing antawising tiyang punika.

Nalika Gusti Yesus ndangu para sakabat bab pamanggihipun tiyang kathah ngengingi sinten panjenengani-Pun, para sekabat matur menawi wonten ingkang mastani Gusti Yesus minangka Yokanan Pambaptis, Elia, utawi salah setunggaling nabi ingkang wungu malih. Tiyang-tiyang punika nggadahi pamanggih kados mekaten awit boten nggadahi sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti Yesus. Ananging Petrus, salah satunggaling sakabat ingkang raket kaliyan Gusti Yesus, kanthi teges nelakaken “Mesias ingkang saking Allah” (ay.20). Petrus saged matur kados makaten awit wanuh pramila saestu mangertos sinten Gusti Yesus punika.

Ananging pranyata wanuh lan raket kaliyan Gusti kemawon dereng cekap. Para sekabat, kalebet kita sedaya, ingkang ndherek Gusti kedahipun inggih sagah nglampahi patrap gesang ingkang sinandhang dening Gusti Yesus: sangsara, katampik, lsp. Bukti bilih kita saestu wanuh kaliyan Gusti punika nalika kita sagah ndherek Gusti lan ugi nuladha gesangipun Gusti Yesus. Mila, sumangga kita pitaken dhateng dhiri kita: sinten ta Gusti Yesus tumrap kita? Sami kaliyan para nabi, utawi Sang Juru Wilujeng ingkang kita pitadosi sawetahing gesang? Kasumanggakaken anggenipun atur wangsulan. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *