II Babad 5:2-14; Jabur 29; Lelakone Para Rasul 26:19-29
PASEKSI KANTHI YAKIN
Paring wangsulané Raja Agripa,
“Mèh baé kowé ngyakinaké aku supaya dadi wong Kristen!”
(Lelakone Para Rasul 26:28)
Ing gesang kita minangka tiyang Kristen, temtu kita nate mireng tembung “Pekabaran Injil”. Martosaken Injil punika paseksi gesang kita, ingkang dados titikaning tiyang pitados. Kita gadhah cara gesang ingkang benten kaliyan jagad punika. Kita ngugemi bilih wonten margi ingkang nuntun dhateng gesang ingkang sampurna. Kanthi nindakaken cara-cara gesang kados punika, jagad saged nekseni bilih panci kita punika para putranipun Allah. Mila tiyang pitados kedah yakin, boten mangu-mangu, napamalih lingsem anggenipun nggelaraken paseksi supados tiyang sajagad sami nampi pawartos kawilujengan saking Gusti.
Waosan Lelakone Para Rasul 26: 19-29 nyariyosaken prastawa nalika Rasul Paulus dipun adili ing sangajengipun Sang Ratu Agripa. Rasul Paulus kanthi yakin nelakaken pawartos pamratobating gesang wonten ing Sang Kristus. Sang Mesih pinasthi seda lan wungu saking antawisipun tiyang pejah supados nyata bilih pati sampun kawon. Sinaosa wonten panampik saking tiyang-tiyang sanes, Rasul Paulus boten keguh. Piyambakipun tetep nelakaken paseksinipun kanthi yakin. Malah ing wusananipun Sang Ratu Agripa nelakaken bilih piyambakipun meh mawon dados tiyang Kristen amargi mireng paseksi kalawau. Salajengipun Rasul Paulus ndedonga supados sedaya tiyang ingkang mirengaken paseksinipun saged ngugemi kayektenan ingkang sami.
Prekawis ingkang asring kita panggihi nalika kedah martosaken Injil inggih punika panampik lan raos lingsem. Kamangka, panampik punika prekawis ingkang limrah kalampahan nalika kita martosaken Injil. Ananging, sampun ngantos kita malah dados lingsem nalika kedah nelakaken jatidhiri kita minangka tiyang Kristen. Paseksi punika kedah kanthi yakin! |*WAS
