Pangentasan 33:18-23; Jabur 97; Yokanan 1:14-18
GUSTI ALLAH MAWUJUD DADOS MANUNGSA
“Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makowon ana ing antara kita,
lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama,
kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayektn” ( Yokanan 1:14)
Injil Mateus lan Lukas kawiwitan carios bab wiyosipun Gusti Yesus. Dene Injil Yokanan kawiwitan wontenipun carios punapa ta jalaranipun dene wonten wujud sang Bayi Yesus, Putraning Allah. Estunipun Gusti Yesus punika Sang Sabda ingkang nunggil kaliyan Allah; mila inggih Allah piyambak. Elokipun Sang Sabda maujud ing blegering daging, inggih ing kadaginganipun manungsa.
Manungsa punika titahipun Allah ingkang mulya. Nanging yen Injil Yokanan mratelakaken Sang Sabda wus dadi daging, maksudipun bilih Allah ingkang mulya karsa ngagem citraning kamanungsan ingkang ringkih, ingkang kersa ngrucat kamulyan, makuwon utawi “dedalem wonten ing salebeting“ gesangipun manungsa. Panjenenganipun saestu boten beda kaliyan kita manungsa. Panjenganipun ngrucat kamulyan, manunggil klayan manungsa. Punika boten kadosdene peksi ingkang mabur mandhap ing siti sekedhap lajeng mabur manginggil malih. Nanging temen-temen manunggil klayan kita manungsa, inggih ing karingkihan kita. Wewujudanipun Sang Sabda ingkang dados daging punika ingkang dipun cariosaken ing wiwitanipun Injil Mateus lan Lukas: carios bab wiyosipun Gusti Yesus.
Dene Yokanan nyariosaken punapa sebabipun mekaten. Sang Sabda ingkang dados daging punika mulya, jumeneng Putraning Allah ingkang ontang-anting, ingkang kapenuhan sih-rahmat lan kayekten. Mila Panjenenganipun boten kok ringkih, Panjenenganipun makuwon ing daging supados sami kadosdene manungsa ngraosaken kaapesan lan kasangsaran. Sanadyan makaten Panjenenganipun tanpa dosa!( Ibr.4:15). Kanthi cara makaten, Panjenganipun ngersakaken dados mitra kita, nunggil kaliyan kita.
Kanthi mangertos lan pitados dhateng Gusti Yesus ingkang minangka wewujudan kadaginganipun Allah, kita sangsaya yakin bilih Gusti Allah saestu nilaraken kalenggahaning ka-Allah-anipun, kangge manunggil kaliyan kita lan njalari kita manggih lan ngraosaken ayem-tentrem lan kawilunengan langgeng. Amin.|*BP
