+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 30 Mei 2025 Minggu Paskah VI

Pangentasan 33:12-17; Jabur 97; Wahyu 22:6-9

JATINING PEPRINTAHANIPUN ALLAH

“Pangeran Yehuwah iku Raja, salumahing bumi kareben surak-surak, pulo-pulo kareben akeh kang padha sukarena!”. (Jabur 97:1,2)

              Ingkang nama raja,mesthi kagungan pangwasa nemtokaken sadaya lelampahan ing peprentahanipun. Makaten ugi Pangeran Yehuwah, ingkang jumeneng Raja. Juru mazmur ngajak bumi saisinipun, pulo-pulo ugi kaajak samia sukarena, memuji Gusti Allah Sang Raja. Kalenggahanipun  Gusti Allah jumeneng Raja pancen  kinepung ing dayanipun pepeteng; kados nggambaraken iba anggenipun Allah punika kineker, kebak rahasia, misteri, tan saged jinajagan dening daya kekiyatanipun manungsa. Sinten kemawon boten  wonten ingkang saged mangertosi  Allah ing sasampurnanipun!

              Ewasemanten Juru mazmur mratelakaken sisih sanesipun bab Allah sang Raja wau! Pranyata Allah ingkang pancen misteri punika, jatidhirinipun mulya. Sadaya pakaryanipun linandhesan moralitas utawi sikep moral ingkang  inggil drajadipun. Pakaryanipun inggih punika punapa kemawon ingkang dipun tindakaken Gusti Allah dhasaripun pranatan ingkang sampun katemtokaken inggih kaadilan lan angger-angger. Punapa kemawon ingkang dados pakaryanipun Allah,linandhesan sikap moral ingkang gumathok inggih punika murih lumampahing kaadilan lan cundhuk klayan pranatan-pranataniPun. Pramila mesthi boten badhe damel cilaka lan kapitunaning sedaya titahiPun.  Gandheng sipatipun Allah makaten,mila Sion lan para putrining Yehuda (inggih punika sedaya umatipun Allah) sami kaajak memuji Allah,asurak-surak gumbira. Mekaten ugi sedaya jinising titah sanesipun ing alam jembar puniki.

              Gusti Allah sang Raja ngetrapaken lampahing peperintahanipun linandhesan kaadilan lan angger-angger, mila kita sami nampi piwulang adi, inggih punika  kita kedah gesang kanthi ukuran moral ingkang inggil, inggih punika njejegaken kaadilan lan taat nindakaken katemtuanipun Gusti. Sedaya-sedayanipun kedah  kita lampahi dhemi lumampahing kaadilan lan krana kita mbangunturut ing kersanipun Gusti. Dados, anggen kita lumampah makarya boten manut ing pikajeng kita piyambak. Kita boten kepareng tumindak kanthi  dhasar kangge kapentinganing dhiri, tanpa perduli dhateng sesami; boten makaten. Tatanan moralitas ingkang ndhasari pakaryan kita temtu kemawon murih lumampahing kaadilan lan kabingahaning  sesami lan harmonisipun alam jembar titahipun Gusti Allah. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *