+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 29 Mei 2025 Dinten Sumengkanipun Gusti Yesus

Lelakone Para Rasul 1:1-11; Jabur 93; Efesus 1:15-23; Lukas 24:44-53

GUSTI YESUS MENGKU JAGAD RAT

“Karodene samubarang kabeh wus tinata ing sangisore sampeyane Sang Kristus lan Panjenengane wus kaparingake marang pasamuan minangka Sesirahing samubarang kang ana”. (Efesus 1:22)

              Dinten punika pahargyan pengetan Sumengkanipun Sang Kristus dhateng swarga. Bab carios mekradipun Gusti Yesus sampun cetha ! Ing satunggaling wekdal Gusti Yesus sesarengan para sekabatipun dumugi sacelakipun dhusun Betania. Ing ngriku Gusti mulung,ngangkat astanipun mberkahi lajeng sumengka manginggil dhateng swarga. Para sekabatipun sami cingak , gumun lan ndomblong. Nanging malaekat  enggal ngengetaken “… he wong-wong Galilea, ya gene kowe padha tumenga marang langit ? Gusti Yesus kang sumengka marang ing swarga nilar kowe kabeh iki,bakal rawuh maneh…”. Salajengipun para sekabat bingah wangsul dhateng Yerusalem. 

              Saderengipun lelampahan ing ngriku, Gusti sampun nate ngandika Saderengipun anggenipun “tindak mrika” nyawisaken papan kangge kita lan badhe rawuh malih methuk kagunganipun, dipun papanaken ing kamulyan langgeng sesarengan Panjenenganipun. Dhedhasar pangandel ing pangandika wau, rasul Paulus yakin bilih Sang Kristus ngasta pangwasa  tumrap sedaya ingkang mobah-mosik ing jagad punika. Samudayanipun karegem ing asta Pangwasanipun Gusti.

              Caranipun Gusti mengku sajagad-rat kanthi anggenipun jumeneng Sesirahing sadayanipun  ing jangad ngriki. Adegipun sang Kristus pinangka Sesirahing pasamuwan boten namung winates dados sesirahipun para tiyang pitados lan greja, nanging ugi sesirahipun samukawis ingkang wonten ing jagad ngriki.  Tegesipun lumantar pasamuwanipun Gusti, samukawis ing jagad punika kaereh lan kapranata dening sang Kristus.

              Sang Kristus karenan ngagem  pasamuwanipun lan paring daya supados sageda gadhah daya kangge mempengaruhi jagad punika. Lah ing adeging pasamuwanipun Gusti ingkang  makaten wau,mila kita para kagunganipun Gusti  nampi timbalan kangge kiyeng makarya murih maujudipun ayem tentrem ing jagad. Mila leres yen Gusti dhawuh dhateng para sekabatipun supados tetep wonten ing Yerusalem rumiyin kangge nengga rawuhipun Roh Suci ingkang nyarengi lan njangkepi para sekabat kangge kuwagang makarya ngabaraken Injiling katentreman lan karahayon. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *