+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 28 Mei 2025 Minggu Paskah VI

II Babad 34:20-33; Jabur 93; Lukas 2:25-38

NGANTOS ADIYUSWA TETEP SEMANGAT

“Lan maneh ana nabi wadon, jenenge Hana… lan saiki umure wolung puluh papat taun.Ora mengeng saka ing Padaleman Suci….nalika iku dheweke iya mrono ngunjukake panuwun marang Gusti Allah sarta nyaritakake

bab Sang Timur mau” (Lukas 2:36-38)

              Kita sami enget cariosipun Simeon lan Hana, ingkang ing yuswa sepuhipun – krana panuntunipun sang Roh Suci – pinanggih kaliyan Bayi Yesus nalika dipun aturaken ing padaleman Suci dening rama-ibunipun miturut pranataning Toret. Simeon dipun keparengaken  mbopong Sang Bayi Yesus.  Dene  Hana  ingkang ugi marek ing Padaleman Suci sanadyan boten kacariosaken mbopong, inggih lajeng atur panuwun dene kelilan pinanggih klayan Sang Mesih, Yesus Kristus.

              Ibu Hana sampun yuswa 84 taun, temen-temen ibu sepuh adiyuswa. Ibu Hana tiyang sepuh ingkang unggul, ingkang pinuji jalaran gesangipun mursid, ngabekti ing Allah, tansah ngantu-antu rawuhipun Sang Mesih, setya  nglampahi ritual agami. Sinareng pinanggih sang Mesih, ibu sepuh wau lajeng atur panuwun dhateng Allah lan mrika-mriki kiyeng nyariosaken bab Gusti Yesus. Ibu Hana sanadyan sampun sepuh sanget, nanging tetep bakuh ing pangandel, sregep ngibadah lan  malah tanpa gadhah raos wegah ngabaraken bab sang Kristus, sregep lan semangat  ngabaraken Injiling tentrem rahayu. Semangatipun terus makantar-kantar mbiwarakaken katenteman dhateng tetiyang ingkang ngajeng-ajeng rawuhipun pangluwaran. Ing pundia kemawon wonten tetiyang ingkang ngantu-antu rawuhipun pangluwaran, ing ngriku ibu Hana mesthi ngaturi kabar.

              Gusti sampun ngganjar umur lan gesang dhateng kita. Gusti ugi sampun paring sadhengah berkah dhateng kita kangge lumampah ing gesang punika. Gusti ugi ingkang sampun milujengaken kita lan paring cekaping kawruh bab sang Kristus, bab katresnan lan pakaryaning sang Kristus ingkang milujengaken.  Nuladhani ibu Hana, mila sumangga sami mbangun adeging manungsa ingkang adiyusw: ngraosaken sihrahmat kawilujengan peparingipun Allah  wiwit anem ngantos ing kasepuhan kita. Kita ugi nuladha ibu Hana dados manungsa ingkang sregep nindakaken dhawuh ngabaraken Injiling tenrem rahayu. Umur lan gesang ing kasepuhan pancen kathah karingkihan,nanging boten ateges mlempem ing semangat iman, namung mendel kemawon.  Sumangga sregep utawi  kiyeng ing pakaryan Injil, murih luhuring asmanipun Gusti Allah. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *