+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 27 Mei 2025 Minggu Paskah VI

II Babad 15:1-15;  Jabur 93; Wahyu 21:15-22

WEWUJUDANIPUN YERUSALEM ANYAR

“Lan ana ing kono iku aku ora weruh Padaleman Suci,amarga Pangeran Allah, Gusti kang Mahakuwaos iku Padaleman Suci, mangkono uga Sang Cempe”.                                (Wahyu 21:22)

              Nalika nggegilut Wahyu 21 ing dinten Minggu tanggal 18 kepengker, kita nampi piwulang bilih langit lan bumi anyar tegesipun bilih lelampahaning tiyang pitados punika asipat inklusif, narbuka manah kanggge sintena kemawon lan saking bangsa pundia kemawon. Punika krana rawuhipun sang Kristus mila kangge sedaya manungsa tanpa pilih kasih. Yen ing dinten sapunika kitab Wahyu 21 nerangaken bab Yerusalem anyar,maknanipun kadospundi?

              Yerusalem anyar punika sanes kitha kebak bangunan ingkang ageng,inggil lan mewah,wonten sekolah berkwalias, rumahsakit terbaik, hotel berbintang, bangunan greja ageng-ageng lan mewah,lampu-lampu mewah pating kerlip lan padhang njingglang, boten makaten! Wahyu 21 punika mratelakaken yen ing Yerusalem anyar, lha kok boten wonten Padaleman Sucinipun! Yerusalem anyar wau ugi boten perlu wonten soroting padhang kados ta lampu,srengene lan rembulan lan sanesipun.  Padaleman Suci ing Yerusalem anyar pranyata inggih Pribadinipun Allah piyambak, inggih ing Sang Cempening Allah piyambak.

              Yerusalem anyar kalimput ing swasana pangwasanipun Allah, samudayanipun sampun sinucekaken dening sang Cempening Allah. Nalikanipun Yerusalem anyar dereng maujud sedaya kawontenaning greja, pangibadah, kegiatan lan sadhengah ritual agami, punika perlunipun kangge dados cara anggenipun para tiyang pitados kakiyataken pitadosipun. Ritual agami saged kangge ngiyataken pitados kita. Lah Yerusalem anyar sampun boten merlokaken sadhengah cara kangge ngiyataken pitados. Punika jalaran Kristus sang Cepnening Allah, inggih Allah piyambak ingkang sampun nucekaken kanthi sampurna. Ing swasana Yerusalem anyar punika Kristus piyambak ingkang nganthi, nyarengi gesangipun manungsa. Yerusalam anyar mila swasanaing jagad ingkang winengku,karengkuh lan dipun kwasani dening Gusti Allah wonten ingsang Kristus.

Kita para pitados estunipun sampun begesang ing Yerusalem anyar krana sampun kinumbah dening Rahipun sang Cepmening Allah. Mila rahayu lan begja kula lan panjenengan dene sampun kelilan nikmati  swasananing Yerusalem anyar. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *