+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 26 Mei 2025 Minggu Paskah VI

I Babad 12:16-22; Jabur 93; Wahyu 21: 1-14

PANGWASANIPUN ALLAG MILA LINANGKUNG

Dhun Yehuwah,lepen-lepen samu kumrasak, lan sami ngulukaken swaranipun, saha sami ngulukaken jumleguripun. Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget

ana ing ngaluhur,ngungkuli kumrasaking banyu agung, ngluwihi jumleguring

alun ing segara”. (Jabur 93:3,4)

              Sinten kwmawon ingkang nekseni alam jembar titahipun Allah; wontenipun redi-redi,wontenipun ngare, wontenipun alas gung-liiwang-lirung, wontn segara jembar lan sanesipun mesthi kaeraman. Makaten endahing jagad  titahipun Gusti Allah. Pancen Allah Makhakawasa!  Makaten ugi sang juru mazmur anggenipun nyipati lepen-lepen dalah werni-werni jinising titah sanesipun.

              Kekidungan bab swara kumrasak lan jumleguripun toya lan lepen-lepen lepen-lepen nyanepakaken bab was-sumelangipun manungsa ngadhepi swasananing kahanan. manungsa sami sesambat iba awratipun momotaning gesang. Manungsa anamung titahipun Allah tanpa daya yen ngadhepi Allah sang Pencipta ingkang Mahakwasa lan tanpa daya ngadhepi awrating kahanan. Ewasemanten  Pangwasanipun Allah kaibarataken “ngungkuli kumrasake banyu agung,ngungkuli pjumlegure alun ing segara”; ngungkuli daya kekiyataning alam jembar punika.

              Juru mazmur nggegambar bilih Allah boten wonten tandhinganipun, sintena kemawon boten badhe nandhingi Gusti Allah. Allah mila ebat sanget tanpa wonten tandhinganipun. Pramila juru mazmur (ing ayat 1) mratelakaken “Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan,Pangeran Yehuwah  busana lan apaningset kasantosan. Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang-ganjing”. Pepujian punika cetha sanget nelakaken yen Gusti Allah Mahakwaos; pangwasanipun liangkung tanpa tandhing. Ing pangreksanipun, sedaya titah  boten ewah-gingsir, tetep ing lampahipun miturut ing sakarsanipun Gusti Allah.

              Kitab Jabur punika ngajak kita para pitados samia nuladha Juru masmur, inggih punika mbangun pangandel bilih Allah punika Maha kuwaos lan inggih namung Panjenenganipun ingkang kedah sinembah,namung Allah ingkang kita gunggung. Sadaya jinising titah – kalebet kita manungsa – tetep kemawon winates ing ngarsanipun Gusti Allah. Pramila ingkang prayogi inggih punika sumangga sami memuji ngluhuraken Gusti Allah kanthi anggen kita tetep bakuh lan setya ing pitados, tetep gesang ing pambangun-turut nindakaken dhawuhipun Allah. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *