+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 25 Mei 2025 Minggu Paskah VI

L. Para Rasul 16:9-15; jabur 67;  Wahyu 21:10:10,22-22:5; Yokanan 14:23-39

INILING TENTREM RAHAYU ESTU TANPA WINATES

“Bengine Rasul Paulus mirsani wahyu ana wong Makedhonia ngadeg lan

matur marang panjenengane: Panjenengan kula aturi nyabrang mriki

saha mitulungi kula sadaya” (Lelakone Para Rasul 16:9)

              Bab ngabaraken Injil nate wonten sesanti ”from …. to the other world”; semangat kangge ngabaraken Injil kawiwitan saking kitha tertemtu ngantos dumugi ing saindenging jagad. Pancen menggah rancangan kawilujenganipun saking Gusti Allah,mila ing saindenging jagad.  Daya pangwasanipun sang Roh Suci mila ngebat-ebati, ngantos wonten pembereg kiyat sanget tumrap rasul Paulus kedah ngabaraken Injil dhateng negari-negari manca. Paulus sarombonganipun sampun wiwit nindakaken ngabaraken  Injil ing sajawining Yerusalem.

              Tebaning laladan pakabaran Injil saya wiyar malih kadhasaran wontenipun  wahyu tetingalan ingkang dipun alami rasul Paulus. Ing wahyunipun, Paulus ningali wonten tiyang Makedhonia ngawe-awe… mrenea, mrenea, tulungana aku kabeh ing kene…! Maknaning wahyu wau  dados pratandha kedah kekesahan ngabaraken Injil dhateng wilayah ingkang langkung tebih ing sabranging segara kilen ngrika.

              Temen sarombonganipun rasul Paulus lajeng ngemban misi mangilen numpak kapal nyabrang mrika. Ngabaraken Injil ngg laladan  pulo Samotrake,wilayahipun peprentahan Rum. Pranyata ing taun-taun candhakipun, saya kathah tiyang manjing pitados dhateng Gusti, berkembang, tuwuh wontenipun greja-greja. 

              Nekseni carios pakabaran Injil kala semanten wau, saestu ngresepaken manah kita. Pakaryanipun Allah lan daya pamberegipun sang Roh Suci ndadosaken para rasul kebak ing kekendelan, ingkang tundhonipun tuwuh wontenipun kathah greja. Saestu ndadosaken kita mongkog !  Carios wau inggih lajeng mbereg kula lan panjenengan sumangga narbuka manah purun kautus ngabaraken Injil ing pundia kemawon. Lan ugi mbereg kita sampun ngantos kendho ngabaraken Injiling tentrem rahayu dalah inggih saya mempeng anggen kita pados cara supados Injiling tentrem rahayu karaosaken dening kathah tiyang. Ing dinten punika 25 Mei, dinten Oikoumene Indonesia, dinten pengetan madegipun Persekutuan Gereja-gereja di Indonesia (PGI). Manunggaling greja-greja mila ugi perlu lan punika dados kekiayatan kangge ngabaraken Injil.   |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *