Wulang Bebasan 2:9-15; Jabur 67; Lukas19:1-10
ALLAH MIGATOSAKEN SADAYA BANGSA
“Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita, Pajenengane
muga kersaa nyunari kita kalawan wedanane, supados margi Paduka kasumerepan wonten ing bumi saha karahayon peparing Paduka wonten
ing satengahing bangsa sadaya” (Jabur 67:2,3)
Padatanipun umat Israel ngrepekaken Jabur 67 ing riyaya Tancebing Tarub (Pondok Daun) kangge nggunggung memuji Allah ingkang kwasa milujengaken, ingkang paring sih rahmat dhateng umatipun lan dhateng bangsa-bangsa sanes. Pepujian wau kangge nelakaken kapitadosanipun umat bilih Allah migatosaken boten namung dhateng umat kekasihipun inggih punika Israel kemawon,ananging ugi kangge sedaya bangsa.
Bangsa Israel inggih umatipun Allah kadosdene cara benggala kangge ningali bangsa-bangsa sajagad. Katresnan lan kawigatosanipun Allah dhateng Israel mbuktekaken ugi anggenipun Allah migatosaken bangsa sajagad. Krana makaten,mila ing pandonganipun juru mazmur matur “Gusti Allah muga paring sihrahmat lan berkah marang kita … supados margi Paduka kasemerepan wonten ing bumi… wonten ing satengahing bangsa sadaya”.
Ing pepujian lan pandonga wau, juru mazmur boten rila yen bangsa-bangsa sanes sajagad punika ngantos boten nampi pangertosan lan berkahipun Allah. Umatipun Allah nampi berkah, mila bangsa-bangsa sanes ugi nampi berkah, jalaran Allah pancen ugi migatosaken bangsa-bangsa sanes. Salajengipun pepujian lan pandonga punika ugi ngemot semangat misioner,semangatipun umat boten namung “urip kanggo awake dhewe”, ananging ugi kangge tiyang-tiyang sanes. Lantaran kekidunganing mazmur punika,umat kawulang supados boten egoistis; umat kawulang supados inklusif,narbuka manahipun kangge migatosaken tetiyang sanes.
Andharaning juru mazmur punika ndhodhog manah kita sami sampun ngantos namung nengenaken kapentinganing dhiri kemawon,ananging ugi puruna migatosaken kapentinganing liyan. Ing Lukas 19:1-10 Gusti Yesus ugi sampun memulang lantaran anggnipun nimbali lan memulang Zakeus supados boten namung mbujeng kapentinganing dhiri, boten meres lan ngakali tiyang sanes pados kangge ngukup bebathen. Gesang punika kedah migatosaken kabetahaning ngasanes murih ayem tentremipun tiyang sanes. |*BP
