+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 10 Mei 2025 Minggu Paskah III

Yehezkiel 20:39-44; Jabur 23; Lukas 12:29-32

PANGRUKTINIPUN GUSTI (2)

 “Paduka nata pasegahan kangge kawula, wonten ing ngajengipun

satru kawula, sirah kawula paduka jebadi kaliyan lisah, tuwung kawula

kebak mencep-mencep”. (Jabur 23:5)

              Kala wingi kita sampun katuntun ing pangaken bilih Allah ngrukti  kagunganipun nalika nedheng berjuang kiprah ing sajawining bale griya. Perjuangan kita ing pundia kemawon, dipun gatosaken dening Allah. Kita boten namung kebak kabingahan nampi berkah, nanging dipun atag kangge ngraos-raosaken iba ta agenging berkahipun Gusti Allah.

              Pangruktining Allah pranyata ugi kelampahan ing swasananing bale griya.  Ing kanyatan tetiyang ingkang memengsahi anggenipun mbujeng boten namung ing papan njawi griya ngrika, nanging ngantos ugi ing nglebet griya ngriki. Sampun dados kabudayan  limrah bilih tamu mesthi dipun lindhungi, dipun amping-ampingi, dipun belani dening ingkang kagungan dalem. Juru mazmur nggambaraken bilih Allah pindha ingkang kagungan dalem , karsa ngamping-ampingi, njagi, melindhungi tamunipun saking mengsah ingkang tansah mbujeng lan ngancam tamu wau.

              Juru mazmur kadosdene tamuipun Gusti Allah. Anggenipun Gusti Allah mbelani ngantos karsa nata pasegahan,nyugata tamunipun wau. Boten namung dhedhaharan  nanging ugi unjukan lan ubarampe pista saklimrahipun. Punika mralambangaken iba ta ingkang kagungan dalem ngurmati tamunipun; inggih Gusti Allah nampi kebak ing kabingahan lan bukti anggenipun njagi , ngamping-ampingi ,anggenipun melindhungi tamu wau ngantos temu rumaos aman, ayem-tentrem. Pramila jurumazmur ngantos munjuk ““Paduka nata pasegahan kangge kawula, wonten ing ngajengipun satru kawula, sirah kawula paduka jebadi kaliyan lisah, tuwung kawula kebak mencep-mencep”.      Sabda wau dados piwulang adi tumrap kita bilih  pangruktinipun Allah,anggenipun Allah ngrimati,njagi lan mbelani kita para pitados boten namung nalika kita nedheng makarya berjuang mrika-mriki. Nanging ugi nganros  nalikanipun kita nedheng kinupeng dening tetiyang ingkang sengit dhateng kita, ingkang memengsahi kita. Inggih kita manungsa begja, ing pundia kemawon, ing swasana kados punapaa kemawon, pangrimat, panjagi lan anggenipun Allah mbelani boten nate mandheg.  Mangga sami mbangun pitados makaten lan tansah bingah! |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *