+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 11 Mei 2025 Minggu Paskah IV

Lelakone Para Rasul 9:36-43; Jabur23; Yokanan 10:22-30

PITULUNGAN INGKANG PARIPURNA

 “Panjenengane banjur jengkeng lan ndedonga. Sawise mangkono nuli minger ngadhepake layon mau sarta ngandika: Tabita, tangia! … Tumuli tangane diasta dening rasul Petrus, dibantu anggone ngadeg”. (L. Para Rasul 9: 40,41)

              Wonten tiyang nami Tabita utawi Dormas manggen ing Lida, kawentar remen dedana,aksi sosial, mila kathah tiyang ngurmati.  Ibu Tabita wau nandhang sakit akhiripun tilar donya. Krana urmatipun shateng ibu wau kathah tiyang sami layat, asung bela raos lan tansah kengetan kasaenanipun kala taksih gesang. Inggih krana tresnanipun ugi tiyang-tiyan, ngantos nyowani rasul Petrus ingkang nedheng wonten ing Yope sesambat supados ngrawuhi griyanipun Tabita ing Lida.

Rasul Petrus tindak mrika. Rasul Petrus ndedonga lan awit saking sih saha pangwasanipun Gusti Yesus, Tabita utawi Dorkas wau katangekaken saking tilar donyanipun. Rasul Petrus boten namung alok-alok saking katebihan, nanging ugi nyelaki, aben-ajeng klayan kunarpanipun Tabita malah lajeng ngglawat, nyepeng tanganipun Tabita supados ngadeg. Tabita rak sampun sakit langkung rumiyin, mila mesthi badanipun ringkih, lemes lan perlu dipun lawati anggenipun tangi.

              Saestu rasul Petrus mitulungi boten tanggung-tanggung, boten  namung ngandika ”tangia!”. Boten makaten!  Rasul Petrus nyepeng tanganipun Tabita, sung pitulugan ngantos saged ngadeg malih! Punika mratandhani  kalih bab: kapisan temen-temen Gusti paring wohing pakartinipun Tabita, anggenipun sampun suka pambiyantu dhateng tiyang lantaran sandhangan ketrampilanipun.  Kaping kalihipun, pitulunganipun Gusti lantaran rasul Petrus paripurna,boten namung urip malih, saged melek, nanging ngantos ugi saged ngadeg. Kanthi pitulungan ingkang ngantos makaten wau, dados paseksi ing ngajenging tiyang kathah, yen pitulungan wau temen-temen paripurna.

              Pinangka tiyang kristen inggih para kagunganipun Gusti, kita mesthi dhemen suka pitulung! Mugi-mugi makaten! Ewasamenten kadhangkala sung pitulung kita taksih winates ing sikap alok-alok, ngandhani, suka pitedah utawi suka pamrayogi kemawon. Pakaryanipun rasul Petrus paring tuladha bab pitulungan boten namung mandheg dumugi ing pamicara utawi pangandika kemawon, nanging sageda ngantos dumugi ing tumindak nyata jumbuh kaliyan kabetahanipun tiyang sanes. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *