+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 12 Mei 2025 Minggu Paskah IV

Yehezkiel 37:15-28; Jabur 100; Wahyu 15:1-4                                                                      

GUSTI ALLAH KWASA MANUNGGILAKEN

“Lah Ingsun nimbali para wong Israel saka ing satengahing bangsa-bangsa, Sunklempakake saka ing ngendi-endi sarta bakal Sunirid menyang ing tanahe, bakal Sundadekake bangsa siji ana ing tanahe… ora najisake awake maneh klawan para brahalane…” (Yehezkiel 37:21,23)

              Sampun dangu Israel,umatipun Allah dados kalih krajan (Israel sisih ler lan kidul). Allah makarya badhe manunggilaken kalih krajan wau dados setunggal malih. Tumrap rancanganipun Allah wau, kaweca dening nabi Yehizkiel. Ing tetingalanipun. Nabi Yehizkiel nekseni  wonten kalih lembar blabag. Setunggal kaserat tulisan “Kanggo Yehuda lan sabangsa Yehuda”, dene lembar sanesipun sinerat “kanggo Yusuf lan sabangsa Israel”, inggih Israel sisih ler (ay.15-19). Menggah katranganipun kasebat ing ayat 21-23, bilih kalih krajan wau badhe katunggilaken malih dening Allah.

              Pameca punika bukti kasetyanipun Allah; inggih Allah ingkang sampun nimbali Israel dados umat kagunganipun. Sejarah mbuktekaken bangsa Israel wau pepisahan dados kalih krajan krana wangkoting umatipun lan krana masalah politik. Saestunipun kanyatan pepisahan punika boten dados kersanipun Allah. Inggih awit saking kasetyanipun Allah, ing tembenipun kalih krajan wau kadadosaken setunggal bangsa malih. Prakawis makaten wau mbuktekaken bilih Allah kersa ngapunteni dosa lan kalepatanipun umat Israrel. 

              Rentahing palimirmanipun Allah makaten wau cundhuk klayan pratelan ing Jabur 100:5 bilih “Pangeran iku kecik, sih-kasetyane iku kanggo ing salasawe lan lestari turun-tumurun”. Ugi mbuktekaken anggenipun Allah mungkasi paukumaniPun kados pratelan ing kitab Wahyu 15:1b ”… ana malaekat pitu padha mbekta wewelak pitu kang wekasan, awit iku kang dadi pantoging bebenduning Allah”. Dumugi titi wancinipun Allah ngendgek paukumanipun, karsa ngapunteni lan mulihaken malih kawontenanipun umat sawetahipun.

              Pangandikanipun Gusti ngiyataken pitados kita ing bab kasetyanipun Allah. Yen Allah sampun nimbali, miji tetiyang – kalebet kula lan panjenegan – kangge dados umat kagunganipun, Gusti tetep setya ing pepilihanipun wau. Mila saupamia kita ngantos dhumawah ing dosa jalaran ndlarung saking margining Allah, mesthi Allah nimbali kita malih ing pangrengkuhipun. Kita ugi  mesthi tetep dados patunggilaning para pitados salaminipun ing pundia kemawon. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *