+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 9 Mei 2025 Minggu Paskah III

Yehezkiel 20:39-44; Jabur 23; Wahyu 6:1-7:4    

PANGRUKTINIPUN GUSTI (1)

“Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa, aku diplengungake ana ing pangonan kang akeh sukete, aku digiring menyang ing banyu

ing panggonan kang tentrem…” ( Jabur 23:1,2)

              Sinten ingkang maos kitab Jabur 23 inggih kitab kawentar punika mesthi manahipun kraos ayem-tentrem. Dawud panganggitipun Jabur punika wiwit anem dados pangen, lan krana makaten saben dinten ngraosaken rekaosing padamelanipun. Kedah ngrimati sedaya mendanipun, saking ingkang sampun sepuh, diwasa, ingkang nedheng ngandheg, ingkang taksih dhere lan cempe-cempenipun. Ugi ngadhepi predator kewan memangsa. Pangen  kedah mangertosi dunungipun pasuketan lan sumber toya  ing tengahing ara-ara.

              Panganthi, pangruktinipun Allah karaosaken saestu dening Dawud, kados nalika taksih dados pangen. Punika karaosaken sae nalika wonten ing sajawining griya  punapa dene ing lebet griya. Ing sajawining griya, Allah nenuntun,ngirid lan nyekapi sedaya kabetahanipun para menda. Allah sang Pangen satuhu  tansah kagungan inisiatif, ngirid Dawud, kapapanaken kados dene menda ing pasuketan, katuntun dhateng sumbering toya. Sedaya wau kangge nyekapi kabetahaning para mendanipun.

              Pranyata menda-menda boten terus-terusan nyenggut kemawon. Nanging  Allah kersa mlengungaken para menda ing pasuketan. Tegesipun  para menda dipun peksa sami ngaso sawetawis, boten terus dhingluh nyenyenggut tanpa ngraosaken nikmatipun rerumputan ing ngriku. Ing wekdal ngaso sawetawis wau, saged nggayemi, kados-kados ngraosaken iba ta nikmatipun tetedhan wau.Kula nggegambar: nggayemi, lajeng tetedhan dipun leg, mak glug, nikmat! Makaten salajengipun, nembe gumregah ngadeg lajeng nyenggut malih.

              Gesang kita ugi  boten sepen ngadhepi tantangan lan masalah. Ewasemanten Sabdanipun Gusti memulang kita cetha sanget bilih pangrimatipun Allah boten nate mandheg. Nanging wonten kalamangsanipun kita ugi perlu ngraosaken nikmatipun berkah saking Allah kanthi cara manah-manah ing swsana hening, refleksi dhiri,ngraos-raosaken nikmatipun berkah saking Allah kados dene para menda ingkang dipun plegugaken dening Allah ing pasuketan  kangge ngraos-ngraosaken iba agenging  berkahipun Allah.  Begja dene kita dados menda ngen-ngenanipun Gusti Allah. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *