11:1-25; Jabur 23; Wahyu 5:1-10
KEKERANING KAWILUJENGAN SAMPUN KABIKAK
“Banjur ana pinitua kang ngandika…”kowe aja padha nangis ! Lah sang Singa kang saka trah Yahuda,yaiku sogolane sang Prabu Dawud, wus unggul, temah bisa ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele pitu”. (Wahyu 5:5)
Sasampunipun Rasul Yokanan nggambaraken kawontenaning pasamuwan-pasamuwaning jagad ngriki (Wahyu bab 1-4), salajengipun Wahyu Yokanan nggambaraken swasanipun swarga ingkang kineker, ingkang kebak rahasia (Bab 5). Kasebat swasanaing kaswargan wau pindha gulungan kitab ingkang kasegel,boten wonten ingkang mangertosi isinipun punapa. Yen gulunganing kitab ingkang kasegel boten dipun bikak, lah rak boten wonten paedahipun? Mila malaekat nguwuh kanthi sora: ”Sapa kang sembada ngudhari…” lan wonten pratelan ”Aku tumuli nangis kelara-lara”.
Sukor bage dene wonten pinisepuh ingkang ngeyem-yemi, nglelipur ”kowe aja padha nangis..!”. Wonten ingkang kwasa mbikak gulungan kitab wau,ngletheki segel-segelipun. Ingkang kwasa mbikak segel wau, inggih punika trahipun prabu Dawud,ingkang ugi jumeneng Sang Cempening Allah. Punika nelakaken bilih sang Cempening Allah ingkang sampun ngorbanaken DhiriniPun ngantos seda lan wungu malih. Panjenenganipun sampun unggul saking pati lan ngasa pangwasa langgeng. Namung wonten ing pangwasanipun Kristus, kitab ingkang kineker wau saged kabikak.
Sinareng sampun kabikak, punapa ta isining kitab wau ? Juru tafsir G. R. Beasley-Murray, nerangaken isining kitab wau sedaya cathetan pakaryanipun Allah sapanjanging sejarah, cathetan wau nelakaken kamulyanipun Allah sapanjanging zaman ngantos dumugi sang Cempening Allah kamulyakaken. Krana kekeran wau sampun kabikak, mila sadaya sami sumyak kekidungan,ngidungaken kidung anyar: ”Suci-suci,suci Pangeran Allah ingkang Mahakawasa, ingkang rumiyin winten, ing samangke wonten saha ingkang badhe rawuh” ( ay.10-11).
Katranganing kitab Wahyu wau saya neguhaken pangandel kita bilih estunippun kita para pitados sami klebet ing cathetan kamulyanipun Allah. Mila tansaha kebak ing kabingahan dherek Gusti Yesus kinanthenan pepujian Suci, suci, suci, Allah ingkang tansah ngrimati lan mberkahi . |*BP
